ÅJÅ NATE MUTUNG

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/v/18aR95QA8r/

Gusti datan nate janjèni

langit tansah biru.

Nanging Gusti janji

tansah anganthi.


Gusti datan nate janjèni

dalan tansah wråtå.

Nanging Gusti janji

maringi kêkuwatan.


Åjå nate mutung

åjå cuthêl pêngarêpan.

Mujijat Gusti nyåtå

nalikå ati sujud manêmbah.


Åjå nate mutung

åjå cuthêl pêngarêpan.

Mujijad Gusti nyåtå

tumrap kang tuhu pracåyå.


sorogan : kadudud lan kajarwa saking pideo lagu anak "Jangan Pernah Menyerah"


JM, lingsir wêngi, 190426

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 





Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU