PANGATAG TUMRAP PARA PANGWASA WENGIS DUR-ANGKARA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AZsBtCHDn/

Stop papêrangan! ⛔️ Stõp kêsrakahan! ⛔️ Stõp kawêngisan! Stõp kaangkåråmurkan! ⛔️


Hee pårå pribadi kang jêjuluk dur-angkårå lan dhugdhèng rumångså dhuwur drajade lan unggul dhewe! 🤜

Aja angkårå murkå nguwasani lan mêngkõni sasåmå manungså! 👊

Ora ånå sawijiå ing antaraning sirå kang mulyå dhewe ing ayunaning Gusti Kang Må' Kawåså. ✍️


Elingå!.., sepak têrjang polahirå kang wêngis numpês sasåmånirå bakal antuk ganjaran bêbêndune Pangeran Sang Panciptå! ✍️


Jêjêriting anak-anak kelangan båpå biyunge, mitrå kadang kelangan pangeyuban krånå trajangan mimis dalah roket kang sirå ancas datan pri kamanungsan, bakal ndhudhuk jurang mulad-mulad kang maladi awakirå dhewe ngluwihi dahånå ing payudan awujud måhåbhairawi aliyas neråkå. 

Yå..., iku bêbêndune Gusti kang bakal tumanduk maring manungså kang wêngis, kamitegan, srakah, anindhês lan numpês sapêpadhane.


Stop papêrangan! ⛔️ Stõp kêsrakahan! ⛔️ Stõp kawêngisan! Stõp kaangkåråmurkan! ⛔️🤚⛔️


JM, pajar sidik, 220426

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG