Si BOLANG --BOCAH PETUALANG--
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1HL2s7eptR/
Ing sawijining desa cilik sing kinupengan sawah ijo lan alas ketel, ana bocah cilik parabane Bolang. Bocah iku senengane ora gelem leren. Saben dina ana bae panggonan anyar sing pengin diambah, mula diparabi si Bolang --Bocah Petualang--
"Mak-e, Bolang arep nyang kali ya!" pamite sawijining esuk.
Simboke mung mesem, "Ati-ati ya ngger, aja adoh-adoh."
Nganggo topi anyaman, nyengkelit arit lan nyangklong tas ransel rada amoh isine sangu tela pohung lan gedhang godhog sarta gendul plastik isi banyu ngombe. Bolang budhal mlaku urut dalan setapak kairing swara ocehane manuk saut-sautan sajak bagekake lakune si Bolang. Tekan ing pinggir kali cilik, dheweke meruhi ana sing rada aneh yaiku banyune kali katon buthek ora kaya padatane.
"Kenapa ya?" mosike Bolang penasaran, 'kepo' basa gaul cah saiki. Rasa kepo ndadekake Bolang banjur nlusuri asal iline kali. Lakune urut pinggire kali ora gampang, kudu ngliwati lunyune watu, rerungkutan sing ana erine, malah kudu nglumpati sempalan pang-pangan uwit.
Sawuse mlaku cukup rada adoh, Bolang nemokake panyebabe, yaiku ana tumpukan pang wit-witan lan larahan sing nyumpeli iline banyu kali. "Wahh, iki sing ndadekake banyune dadi buthek," gremengane.
Tanpa mikir dawa, Bolang nuli ngresiki sethithik mbaka sethithik sempalan kayu-kayu lan larahan iku. Tangane reged, sandhangane teles, dheweke ora preduli. Suwe-suwe mbaka sethithik banyune mili lancar lan bening meneh.
Bolang mesem krasa marem, "Pranyata seneng ngumbara 'petualang' ora mung seru ya, ning uga bisa maedahi kanggo lestari lan asrine alam!"
Saulihe, Bolang nyritakake pengalamane marang warga desa. Esuke, akeh warga liyane sayuk-sayuk rukun melu gotong royong ngresiki kali murih tetep kopen resik.
Wiwit iku uga, Bolang kawanuhan (dikenal) ora mung minangka bocah ngumbara petualang, nanging uga diparabi si Bogalam --bocah tukang jaga alam-- ing desane.
Tumrape si Bolang utawa si Bogalam, donya iki ora mung jembar kanggo diambah, nanging akeh uga bisa kapethik tuladha saben jangkahe.
Eliding crita :
Wikrama (kekendelan) lan rasa pengin ngreti iku penting, nanging luwih aji meneh lamun dipigunakake kanggo kabecikan ngalam lan kapreluane manungsa.
Salam rahayu sagung dumadi
Gusti amberkahi..... Aa_aamin đ A__aamin đ
JM, gagat bangun, 21426
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar