OMAH SEWU PANGILON
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1CaD2faLEW/
Ana sawijining kucing cilik tansah katon sedhih, besengut polatane mlaku wira-wiri.
Dumadakan kucing iku mlebu ing omah kang lawange bukakan. Kucing iku nora ngerti yen ing jeroning omah mau pinasang sewu pangilon ing temboke.
Nalika kucing iku mlebu iba kagete nyumurupi ana kucing-kucing cilik sing katon mrengut sajak nesu nyawang dheweke.
Rumangsa kaancam dening kucing-kucing cilik mau, dheweke njur bengok meyang-meyong tumujokake marang sewu kucing mau.
Eee... lha kok jebulane meyongane diwales meyongan uga dening kucing-kucing kang sejatine iku mujudake gambaran dheweke ing sewu pangilon mau.
Jalaran wedi kucing cilik iku mlayu metu saka omah mau, batining ati, "Omah iku banget anggegirisi"
Ora let suwe ana kucing cilik liyane sing atine lagi bungah, uga lagi wira-wira ing sacedhake omah iku.
Kucing iku nuli mlebu lawang omah mau, ing kono katon yen ana kucing liyane pirang-pirang padha mesem ngulatake dheweke.
Kucing cilik iku iba senenge dibagekake kanthi esem sumringah dening sewu kucing sing nyawang dheweke.
Saking senenge dheweke nuli ngopat-apitake buntute karo mlumpat-mlumpat... eee lha kok kucing-kucing sing ana ing ngarepe uga melu-melu ngopat-apitake buntut lan mlumpat jingkrak-jingkrak...
Batin atine, "Wahh.. nyenengake ya omah iki..."
Eliding crita :
✍️ Sejatine sajroning urip iki mujudake omah mawa sewu pangilon.
Urip amung gambarake apa kang ana ing dhiri pribadi kita.
Nalika kita mikir ala dene panguripan iku angel, kebak reribet, mula urip iki bakal bener-bener susah, kanyatan kaya mangkono kang bakal tinemu.
Nalika kita amung mikirake lan ngeling-eling alaning liyan mula sing tinemu ya bab-bab kang sarwa ala. Udinen tansah ngelingi kabecikaning liyan kanggo nemokake kabecikan kang luwih akeh!
đ€ Mangkono uga tumrap badan kita yen kita tansah mikirake lara, lungkrah, kesel lsp mula ya sing kadadean bener lara2nen, lemes lungkrah ora duwe daya.
✍️ Pungkasane tansah ngresula lan meyang-meyong sesambat marang bab-bab ing sakupenge urip kita.
Kosok baline, upayanen kanthi pikukuhing ati lan patrap kang sarwa becik, kebak rasa sokur lan tansah nyebar kabecikan.
✍️ Lan rasakake kadidene ing jerone omah sewu pangilon, iba banget nentremake agawe kabecikan bisa andadekake lumantaring berkah mring sapepadha.
✍️ Resepake endahe urip iki kanthi tansah muji sokur mring Nugrahaning Gusti Allah.... Aa_aamin đ Aa__amin đ
Sumangga! đ«Ž
JM, lingsir wengi 14426
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar