JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GER4dLe1x/

Nglekarå dhik, cikbèn ra kråså luwemu.

Lalèknå Dinå Kamardikan, mêrgå pancèn kitå TAN NATE MARDIKA. 😭


Turuå dhik ing ndhuwur wêtêng LUWE-ku, karêbèn kakang nyritake endahe cita-citane PAHLAWAN kang MARDIKAKAKE kitå såkå KASANGSARAN, cikbèn impènmu endah datan sanisthå rågå kitå. 😭


Mêrêm lan turuå dhik, supåyå ora kõk rungu manèh nggragase KORUPTOR ngluwihi SÊGAWÕN kêluwèn. 😭


Turua dhik, bène pådhå ngentèkake milyaran ing istana angayubagyå KAMARDIKAN êmbuh kanggo såpå. 😭


Jêrite anak ngisõr krêtêg, bocah gubug-gubug pinggir kali. 😭


Ayo prå pamõng pråjå yå pårå pangwåså, enggal êntasnå kamlaratan lan kasangsaran ing bumi Nuswantårå. Êndi janjimu, êndi nuranimu tumrap kamakmuran bångså sing kaumbar ngambrah-ambrah? 🫡😭

JM, awan gêmplang, 13825

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

BÊBÊNDU