KÊKIDUNGAN PANUWUN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14QzH3jgR7s/

Wus titi wancine wõng-wõng pådhå kêkidungan puji panuwun munjuk sokur : "Dhuh Allah, kawulå kêparêng caõs sokur dhumatêng Padukå amargi Padukå ngukum kawulå, ananging samangke sampun kêparêng linuwaran.. Aa_aamin 🙏"


Allah sing ngluwari aku; aku bakal kumandêl lan ora kuwatir, mêrgå Allah sing paring kekuwatan marang aku. Panjênêngane kuwi pêpujanku, lan tuke pitulunganku.

Kaya banyu gawe sêgêre wõng ngõrõng, mêngkono ugå umate Allah pådhå bungah sukårênå samåså dipitulungi dening Allah, Gusti Kang Måhå Wilåså lan Måhå Asih.


Pådhå ngunjuknå kêkidungan mêmuji kêAgungane marang Gusti Allah, mêrgå Panjênêngane ngrumêntahake kaelõkan akèh. Karêbèn wõng salumahe bumi pådhå krungu bab pakaryane kang elõk nuli pådhå kumandêl twin pracåyå marang panguwaõse.


Salam têntrêm rahayu kang pinangkanipun saking Gusti mugyå kasarirå mring kitå sadåyå kulå lan panjênêngan umat kinasihipun.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, madyå ratri, 09825

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN