NGANGGUR KOK DIRAMPAS?

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BJBxd5zKm/

Ing donya iki pancen aneh-aneh nanging nyata!🫠

Kadya irah-irahan (judhul tulisan) iku sabenere pitakonan sing lumrah lan ngambrah-ambrah.

Coba ta kita gagas-gagas, dhuwit celengan dianggurake saora-orane punjul seka telung wulanan kok njur ana sing ada-ada dibeslah/dirampas dening negara. 


Piye jal nalare?, wiwit biyen jaman isih padha sekolah diprayogakake supaya sregep nyelengi kanggo sangu lan jaga-jaga supaya mbesuke yen wis nglumpuk bisa kanggo tetuku kebutuhan (buku-buku sekolah, lan kebutuhan liyane). 


Lha bareng wus padha diwasa lan nyambut gawe pakulinan nyelengi diwujudke ning ora nganggo "celengan jago" sing sawayah-wayah bisa dipecah. Olehe nyelengi disaranani dening pamarentah awujud "Tabungan Nasional" TABANAS ing Bank-Bank.

Iku cikal bakale masarakat rame-rame padha nyelengi ing Tabanas lan tabungan liyane ing rekening bank. Akeh masarakat sing padha buka rekening tabungan ing bank kanggo jaga-jaga kabutuhan kulawarga ing tembene mengko, mula ya akeh sing dianggurake tujuane kanggo simpenan. 


Iku mujudake hak dhasar masarakat minangka warga negara kang dibudidayakake nganti seprene... nanging lha kok pamarentah saiki duwe niat rekening tabungan sing nganggur telung wulanan bakal dirampas negara.

Kanggone masarakat kaputusan pamarentah kang nganeh-anehi bener-bener dirasake gawe rugine masarakat, nadyan alesane rekening-rekening sing nganggur mau bisa dipigunakake "money laundry" alesan iki sing digebyah uyah. Apa pehak PPATK ora jegos naliti endi-orane rekening sing bisa dislewengake dening 'oknum' nakal? 

Coba ta rekeninge bakul bakso sing digawe kanggo nyelengi wragad sekolah anake ing mengkone, ngerti-ngerti dibeslah/diblokir ora bisa dijupuk, lha rak ya nangis bawang bombay tenan ta iki??... hemmm piye jal apa ya arep diejarke bae perkara iki? Apa ora ana cara kang luwih wicaksana kanggo njaga masarakat cilik?

Lha piye yen sing nganggur iku masarakat, iya dadi pangangguran ora duwe gawean merga kena PHK? rekeninge entek kanggo nyambung urip nuli patang sasinan iki rekeninge nganggur apa bakal dibeslah ya? 🫡🤭


Iku bab rekening tabungan! Banjur ana maneh bab lemah nganggur iya arep dibeslah dening negara! Setali tiga uang! sami mawon! luwung sarapan rawon!🤣😂

Wong nglumpukake dhuwit kanggo tuku lemah mung pirang meter bae ora hektaran lho, iku ya jaga-jaga kanggo nyelengi nyawisake yen anak-anake mlebu sekolah prelu wragad bisa didol... utawa yen anak-anake wis padha omah-omah bisa diwarisake, eee... lha kok krungu warta arep dibeslah uga... piye iki? jerite rakyat wong cilik! 

Aja kuwatir! jare lemah-lemah sing ora ngerti iku duweke sapa iku sing bakal dibeslah.., nadyan mengkono warta iki prelu dicethake piye nggenahe kareben masarakat ora bingung.


Bab-bab ing ndhuwur mau lagi bahan rembugan rame (viral) ing warung-warung kopi lan cakruk-cakruk pojok kampung. 


Sing lagi rame maneh ana warta sawijining pemimpin dhaerah netepake pajek PBB diundhake 250 %, bareng diprotes wargane wusanane ditarik kaputusan iku. 

Lha kok kaya nonton ketoprak ta ya nggulawenthah rodhaning pamarentahan praja...,

Tobil-tobil nganti jarane njondhil

ela-elo gawe wong padha gela

Mardika-Mardika! ...  

aja mung sesorah ora ana kasunyata 

Indonesia emas aja mung impen ayo kita gayuh bebarengan... MARDIKA!✊️✊️🇮🇩🇮🇩

(sorogan : tulisan iki rinakit awan-awan tinimbang nganggur ✍️👌🫡)


JM, madyå raina, 10825

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 






Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN