PANGAREP-AREPE MASARAKAT WONG CILIK
-nawala tinarbuka lan nitip pesen katur para panguwasa- (versi ngoko)
kaemot uga ing https://www.facebook.com/share/p/16ZyRB3BEW/
Pangarep-arepe masarakat wong cilik kanggo sapa bae kang wus nampa panetepan lan pangukuhan dadi jejering panguwasa, pemimpin, menteri, pamong praja lan pandhegane pamarentahan liyane.
Salam rahayu đ
Awit saka karsaning Gusti, dipadha nuhoni lan mbangun turuta marang sedhengah tata pamarentahan kang adhedhasar paugeran, undhang-undhang kang lumampah lan kaanut.
- Maring pamong dalah kabeh kang wus kapiji dadi pandheganing pamarentahan, dadya kang nyekel panguwasa kanthi wasis wicaksana ngayahi darmaning negari tumuju kamakmuraning bangsa. Aja kemaruk panguwasa lan bandha donya. Elinga wajibing sira mikul tugas mulya kanggo kemakmuraning bangsa.
- Maring para gubernur, bupati walikota dalah para pamong praja, dadya kang nduweni kuwasa netepi ngadili wong-wong kang padha tumindak piala (aja nganti malah kang diadili??), lan ngajenana wong-wong kang agawe kabecikan, sumimpanga saka ing pilih asih!
- Padha uripa kadya wong mardika, nanging aja nganti manpangatake lan ngecakake kamardikan kanggo nutupi kekurangan lan kadurakane dhewe.
- Aja aji mumpung lan kemaruk migunakaken kakuwasan kanggo kapentingan golongan punapadene pribadi. (tumindak kurupsi)
- Elinga! Uripira kadyadene abdining Allah! kang sayogya tansaha lumaku ing dalan kabeneraning Gusti, aja nganti ndleya saka ing paugeran nambah dosa kang bakal nampa bebendune Gusti.
Sumangga! đ
Rahayu kang sarwa tinemu
bagas saras kang linaras.
Para sanggya kadang kang kinasih
mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita umat kang kinasih.... Amin Aminn đđ
JM, ndungkap esuk, 02825
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar