CARANE GUSTI ANGASIHIKU

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14G8yPiGcVe/

Saelõk siang kasumunaran padhang

carane Gusti angasihiku

saendah pêtêng måwå angin sêgêr

carane Gusti angasihiku.


Gustiku lêmbut lan Må' Wilåså 

aku uga ering Panjênêngane.

Sih trêsnaNe gêdhe, agung lan mulyå

carane Gusti angasihiku.


Sajêrone samodra saambane akåså

carane Gusti angasihiku

saarume puspå kang têtêp mêwangi

carane Gusti angasihiku.


PangayõmanNe tansah angiringiku

datan kêndhat pangarêpanku

urip têntrêm kang dadi gêgayuhanku

carane Gusti angasihiku.


JM, anganggit råså, 31825

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU