TAMPA lan UGEMANA TANDHA-TANDHA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Ep2FjYaAF/

Kadadean saperangan kacilakan lalu lintas amarga wong ngremehake kepara ora preduli tandha-tandha (rambu) lalulintas. Rambu mujudake sarana pranatan kang kudu diugemi (dipatuhi) dening para panganggo dalan umum. Tandha/rambu iku kudu ditampa, dimangerteni lan diugemi (dipatuhi) minangka pranatan-pranatan (aturan-aturan) murih bisa slamet sajroning lumakuning bebarengan ing ndalan. Emane, uwong racake luwih mentingake awake dhewe ora mreduli marang panganggo dalan liyane.


Racake uwong sing lagi nyopir ing dalanan, patrap menange dhewe (individualis) tuwuh, gampang kecenthok ati (kesinggung) yen disalib gampang panas ati. Kabeh iku ndadekake kurang waspada, lena sethithik ndadekake senggolan utawa tumburan kang ora bisa diselaki. Wusanane kacilakan lalulintas asring kita prangguli meh saben dina utamane ing dalan-dalan kang rame sliweran tetunggangan ya montor (rodha 4), ya pit motor (roda 2) uga wong mlaku.

Mula kaprayogakake, kita panganggo dalan umum, padha waspadha lan ngugemi rambu-rambu lalulintas minangka tandha pangemut lan utawa tandha larangan kang ora kena diterak nadyan ora ana pulisi sing jaga. Tampa lan ugemana tandha-tandha iku kanggo kalancaran lan kaslametan bebarengan.

Ana utawa ora ana pulisi, kita kudu manut lan patuh pranatan-pranatan ing tandha-tandha rambu lalu lintas.


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

bagya mulya kang pinanggya

Gusti amberkahi.... Aaa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir wengi, 24825

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU