TETIRAH

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1CGJzHh2FR/

Bokbilih tembung 'tetirah' sampun awis-awis lan mboten kapireng ing cecaturan padintenipun.

Tetirah satunggaling tembung saking 'tirah' kr, turah, ng. ing basa Kawi puntegesi 'pinggir/tepi'. 

Dene tetirah mratelaken ngalih mênyang ing papan sing prayoga supaya bisa waras tumrap wong lara. (Bausastra Poerwadarminta, 1939).


Para sepuh jaman kawuri, asring ngendikakaken kangge salah satunggaling kulawarga ingkang nembe nandhang sakit utawi ketaman reribeting gesang. Pamrayoginipun, "Wis kanal ngasoa sawetara ing nggunung sinambi tetirah supaya ngleremake ati!"

Mila saged ugi wonten ingkang negesi tetirah = nyepi, nepi (meneping ati) pados swasana sepen supados pikantuk pangraosing raos batin saking Gusti Kang Ma' Asih lan Wicaksana. 


Ewasamanten, tetirah saged ugi kangge tiyang ingkang nembe nandhang sakit raga, tetirah saged ambiyantu ngenggalaken usada sesakitipun, utaminipun gerah paru-paru punprayogakaken tetirah ing panggenan ingkang seger hawanipun, saged ing girilaya / pegunungan utawi gisik / pesisir.


Nuwun..., nuwun..👏

Rahayu sagung dumadi

Gusti amberkahi... Aaa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, ndungkap enjing, 28825

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU