PANDONGA KAGEM PARA PEMIMPIN NEGARI
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/172z6hfMV7/
Dhuh Allah Kang Ma' Wilasa lan Ma' Asih, keparenga para pemimpin negari kang mengku kuwaos mugi Paduka wucal tumindak adil miturut dhawuh Paduka, lan para pangrehing praja mugi kaparingana margi kaleresan miturut Paduka piyambak.
- Murih panjenenganipun ngerèh warga bangsa sadaya kalayan adil, tebih watak kang kamitegan nindhes warganing masarakat lan samya mituruta dhawuh Paduka.
- Mugi negari menika kaparingana tentrem-rahayu, saha gesang adhedhasar kaleresan.
- Keparenga mugi para pandheganing negari nandukaken kaadilan dhateng tiyang kesrakat, paring pitulungan dhateng tiyang mlarat saha numpes tiyang ingkang ambek siya mring sasama.
- Mugi para pemengku kuwaos kang piniji dados lantaraning berkah, kadosdene jawah ingkang dhawah ing tetaneman, ingkang nyiram bumi adamel seger lan tentrem.
- Mugi kawula sabangsa sanegari tinebihaken saking bebendu Paduka, tansah winengku ing pangayoman Paduka. Samya rukun rumaket ing pasrawungan anuju tentrem rahayu.
Menggahing pandonga punika kaosik saking nala para abdi masarakat negari ingkang tresna dhateng tanah tumpah rah sabangsa, nyadhong berkah Paduka.
Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, madya raina, 07825
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar