SAKÊDHÈP NETRÅ

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1FByZypEhU/

Sakêdhèp netrå kaêcap langit

kadyå diwangkårå jumêdhul wayah esuk.

Aku dhêglêg, kamitêngêngên

anyulam gumun jroning dhådhå.


Langkahmu lêmbut kadyå sutrå

ngêlus blêduk datan katõn netrå.

Pocapanmu ngeglå tan sabåwå

nangèkake jiwå kang wus pralåyå.


Oh, kêpriye datan mokal nyåtå

kaelõkan biså dumadi ing bantålå

sartå antårålå datan butarêpan

twin mångså tanpå sujanan?


Wusananyå..,

saindhênging donyå nandhang bramantå

håwå sumlêngêt saantero jagad råyå.

jêjêrit prå titah wit rusaking ngalam donyå.


JM, ndungkap esuk, 04825

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN