CARITA MURID-MURID SD TOH NYAWA ANGGONA NGUDI ELMU ING PAWIYATAN
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BEwaPPZTE/
Bocah-bocah murid SD saben dina toh nyawa nyabrangi kreteg menyang mulih ngudi elmu ing pawiyatan / sekolah. Iki conto-conto sing isih akeh ing dhaerah-dhaerah kang kapinggirake.
Salah siji conto kacritakake ing kene yaiku kedadean ing Desa Hulo. Kecamatan Kahu, Kabupaten Bone, Sulawesi Selatan (TribunNews, 2015). Ya, bocah-bocah murid SD saben dinane kanthi toh nyawa kapeksa nyabrangi kreteg menyang mulih sekolah. Kacarita ing kene para murid kepeksa ngliwati kreteg rusak amoh, wis dhoyong malah ana sing kepeksa ngandhelake kawat tilas kreteg kaya sang Tarzan. Ana sing kudu gandhulan tali kawat kira-kira 30 meteran luwih sing kabentang sadhuwure kali Hulo. Mula aja gumun yen pinuju udan para murid sawetara akeh sing kepeksa bolos merga kawat lunyu. Kawartakake Selasa, TribunNews (10/03/2015)
Ing pawarta iku, murid-murid SD Inpres 657 Hulo, Desa Hulo, Kecamatan Kahu Kabupaten Bone. Sulawesi Selatan.
Warta kang kacatet dening kuli pawarta (wartawan) saka warga ing tlatah kono ngandharake yen kreteg gantung sing nggandhengake Desa Biru, Cenrana lan desa Palaka, Kec.Kahu wis suwe ambrol dipangan gapuk merga umur.
"Wus suwe disumurupi dening pamarentah Kabupaten Bone, mung bae sajake ora patia digubris," ujare warga Kahu (Ahmad Bare), Kamis 12/3/2015.
Rombongan murid kudu antri yen arep nyabrang amarga kawat kasebut mung bisa kanggo cacahe cah 5 murid SD.
Sabenere, para murid iku bisa nempuh liwat jalur dharat. Ananging, para murid kudu mlaku mbutuhke wektu suwe banget jalaran kudu mubeng adohe kira-kira 30 kilo meter.
Sekolahe ing desa sabrang mula ya kapeksa kudu ngewot tali kawat iku.... "Ohh mrihatinake, jan-jane wis mardika apa durung ya?", batine bocah-bocah lan masarakat kono.
Warta iki kacathet ing taun 2015, muga-muga bae ing wanci kang wus Mardika 80 warsa iki wus ana owah-owahan pembangunan. MARDIKA! ✊️đźđ©✊️️
Mbokmenawa crita iki mung kadadean ing salah siji dhaerah, durung ing dhaerah-dhaerah liyane ora kurang ora luwih padhadene olehe mrihatinake.đđ
Pamarentah ing tembene wektu mangarep, kudu luwih nggatekake kahanan sarana kang nglantarake sesambungan antarane desa siji lan desa tanggane kang dibutuhake kabeh warga utamane para murid kang banget mrihatinake.�
Iku wujud sesorah "Nyerdhasake kauripan bangsa mujudake salah sijine tujuan negara Indonesia sing katulis ing Pembukaan UUD'45."
sumber pawarta kapendhet https://simomot.wordpress.com/2015/03/12/kisah-kisah-bocah-sd-bertaruh-nyawa-menyeberang-jembatan-rusak-saat-ke-sekolah/
Katulis lan karingkes dening,
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
gambar minangka pemanis,
Komentar
Posting Komentar