KEADILANE GUSTI KANG BAKAL DUMADI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14MFHq4nbot/
Manawa ana ing sawijining bebadan dhuwur paprentahan negara (Kementerian) kita nyumurupi wong cilik katindhes tuwin kaadilan tansah katerak, ora gumunake. Senadyan kang pangkat panguwasane dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkat panguwasane uga padha ngulat-ulatake wong-wong mau.
Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang pimpinane/panguwasane dhuwur dhewe isih dieringi ingajenan ana ing kahanan iku kang wusanane bisa netepake ukuman marang kang tumindak durjana meres.
Eling, Sing sapa matrapi kanthi malaki dhuwit/kasugihan ora bakal wareg-wareg kepara nggragas marang kasugihan kang luwih lan ora bakal marem marang pengasilane. Temtu iki iya bakal tampa temahane awit saka tumindake kang sarwa nggrangsang.
Mangkono uga, barang darbeke kang dipikolehi klawan nerak paugeran (korupsi) wuwuh, tambah akeh, wong kang ngentekake uga wuwuh (korupsi berjemaah). Banjur apa pikolehe kajaba mung ndomblong nyawang, kang pungkasane ya mlebu njeron krangkeng / bui rame-rame?
Iku nalar ukum kang waras, dene sidane kepriye, kari ngenteni para pamangku ukum bisa netepake keadilan apa ora kang salaras karo nalar ukum waras mau... Wallahu a'lam! Keadilane Gusti kang bakal dumadi!
Nuwun đ
JM, gagat bangun, 25825
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar