BÊBÊNDU


Nyumurupi ing wêktu-wêktu wêkasan iki akèh kêdadean alam awujud bilai kang nggêgirisi.
Ngarêpake gumantine mångså akèh kasêngsaran kang tiniba bilai, iyå banjir ing ngêndi-êndi agawe rusake samubarang, gunung mblêdhõs awune ambyar têkan ing plataraning nagari iki. Mulad-mulading bêbêndu kang wus kadhawahake dening Pangèran awit iyå såkå polah tingkahing manungså kang mblasar såkå Dhawuhe.
Gumlêgêre swårå kaprungu mawantu-wantu.
Anggêgirisi ing madyå ratri kang sêpi.
Sêpining jalmå manungså kang wus pådhå kêtilêp ing impèn.
Glegerrr!…krosakk!…gembrõjõg têkaning tirtå tan kanyånå-nyånå.
Anrajang nasak-nasak gubug dalah ngêbaki sêsawahan kang lagi ngarêpake mångså panèn.
Ambyar sanalikå kêprungu jêriting båpå biyung lan tangising bocah-bocah.
Sawêrnaning ubarampe amblas kèli sauruting ombaking tirtå.
Samudåyå lêlabuhan prå kadang sirnå tan ninggal sawijiå.
Ibå nglangut ngrêrujit-rujit råså rasaning kalbu iki nyumurupi kahanan nggêgirisi.
Dhuh Gusti kêparêngå Padukå wêkasi bêbêndu punikå.
Paringånå pangapuntên samudåyå doså kawulå lan saisining jagad kang sarwå mblasar saking dhawuh Padukå.
Nyadhõng wêlas asih Padukå pinaringakên mring prå jalmå sadåyå.
Kauwalakên saking bêbêndu punikå…Amin 🙏.
kariptå : eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN