kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GER4dLe1x/ Nglekarå dhik, cikbèn ra kråså luwemu. Lalèknå Dinå Kamardikan, mêrgå pancèn kitå TAN NATE MARDIKA. 😭 Turuå dhik ing ndhuwur wêtêng LUWE-ku, karêbèn kakang nyritake endahe cita-citane PAHLAWAN kang MARDIKAKAKE kitå såkå KASANGSARAN, cikbèn impènmu endah datan sanisthå rågå kitå. 😭 Mêrêm lan turuå dhik, supåyå ora kõk rungu manèh nggragase KORUPTOR ngluwihi SÊGAWÕN kêluwèn. 😭 Turua dhik, bène pådhå ngentèkake milyaran ing istana angayubagyå KAMARDIKAN êmbuh kanggo såpå. 😭 Jêrite anak ngisõr krêtêg, bocah gubug-gubug pinggir kali. 😭 Ayo prå pamõng pråjå yå pårå pangwåså, enggal êntasnå kamlaratan lan kasangsaran ing bumi Nuswantårå. Êndi janjimu, êndi nuranimu tumrap kamakmuran bångså sing kaumbar ngambrah-ambrah? 🫡😭 JM, awan gêmplang, 13825 ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️ [^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar