Bocah umur 4 tahun goleki ibune mlaku ing tengahing ara-ara samun
Kapethik saking PosKotaNews.com 18Feb14
SURIAH Ana
sawijining bocah kang umure kira-kira 4 tahun ing negara Suriah
tinemokake mlaku-mlaku ing tengahe ara-ara samun/pasamunan (padhang
pasir) kanthi praupane memelas jalaran kepengin bisa ketemu ibune.
Bocah lanang mau jenenge Marwan pethal saka ibune nalika sakloron oncat ngungsi saka negarane Suriah (amarga ana paperangan).
Dening punggawa PBB
(UHNCR) bocah mau ditemokake dina Minggu, 16 Feb 14 klayan nyangking
sawijining kanthong plastik (kanthong kresek) isine barang-barang
darbeke.
Bocah cilik mau nuli digawa dening punggawa UHNCR ing Camp pangungsen diupayakake bisaa ketemu ibune. Dina candhake kanthi tlaten punggawa UHNCR muter-muter lan ora kurang uga kawartaake ing kono, marga ewonan cacahe para warga kang ngungsi iya
rada angel olehe bisa nemokake ibune. Bocah mau melu diajak
milang-mileng muter-muter nganti lemes kae gek hawane panas, awit saka
keparenge Gusti Allah piyambak ngarepake sore ibune bocah mau bisa
katemokake nuli tangisan rerangkulan.
Miturut katerangane PBB, kurang luwih cacahe 2,5 yuta warga Suriah, klebu sayuta bocah-bocah kaya si Marwan kapeksa ninggal playu ngungsi amarga paperangan.
Cathetane saka PBB
mratelakake kurang luwih gunggunge ana 130 ewu-nan warga Suriah ngajal
donya ing prahara paprangan antarane pamarintah Presiden Bashar Al-Assad lan para pambalela .
rinonce dening eNPe
Komentar
Posting Komentar