ANEH ANANGING NYATA


 

Kapethik saking https://wolipop.detik.com/wedding-news/d-2522896/duh-wanita-ini-memilih-menikah-dengan-anjing-karena-merasa-berjodoh


Mundhak dina akeh tingkah polahe manungsa kang aneh-aneh kepara oncat saka kodrate.
Kepriye olehe ora gumunake, coba iki ana kadadeyan kang nganeh-anehi klebu ajaib, ana sawijining wanodya asale saka nagara Inggris jenenge Amanda Rodgers. 

Amanda rame kawartaake amarga nembe bae nganaake gladen palakrama kang karawuhan dhayoh uleman cacah-e 200 uwong. Sing nganeh-anehi lha jebule ing gladen mau jatukramane dudu sawijining pangeran gagah ananging nuwun sewu segawon, ya segawon iku kang dadi jatukramane…Dhuh! apa tumon iki ! donya saya mblasar saka kodrate!

Upacara gladen palakrama mau ing sawetara wektu kepungkur dianaake ing nagara Kroasia . Kaya sing kapendhet warta dokumen Miror, Amanda nyariosake yen palakramane klayan sang segawon sing jenenge Sheba, romantis banget. Segawon mau didandani mawa ageman putih kadikaya pinanganten lanang.
"Sheba wus suwe pirang-pirang tahun urip bebarengan karo aku, bisa andadekake aku gumuyu lan agawe bungah nalikane aku sedhih/galau. Aku ora bisa mikirake bab-bab liya sing aku butuhake saka sisihaning urip," mangkono celathune wanodya 46 tahun iku.
Amanda nemtokake milih krama klayan segawon iku amarga rumangsa kewan mau pancen jodhone.
Dheweke sadurunge wus nate ngrasaake pait getire urip klayan priya garwane 20 tahun kepungkur sing ora suwe umure olehe omah-omah.

Sajroning wawanrembug karo media telepisi ITV ing adicara This Morning, Amanda nyariosake alesane kenapa krama klayan segawone. "Aku ngerti yen kuwi jodhoku, aku kayungyun tresna mring dheweke. Tresnaku mring Sheba kuwat banget, aku lan dheweke duweni srawung sing kuwat", celathune.
Apa tumon ! apa wus kurang w,,,sss ya….., Aneh nanging nyata !

JaMans, 12/03/14, eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN