UDAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0TkwPHsh2g8P81nF24ay94qDAcGEneyLiNKevmJN6yK4rtNvd6DZR2Cki3LAuuzoel/
Dungkap esuk gumrojoge banyu udan sangsaya deres kaesokake saka akasa.
Para kadang tani kang gegancangan arep glidhig menyang sawah bubaran nora sida budhal.
Langit katon mbleret amarga suryaning jagad bali kemulan mendhung kang wutah gnelesi salumahe bantala.
Sawernaning sato kewan ndepipis nang longan gubug.
Dumadakan… glegerrr.!! … keprungu swarane bledhek anggegirisi.
Langit keclap-keclap swara bledhek matalu-talu banyune udan sangsaya deres.
Lamat-lamat keprungu …. ,” petoook petok-petok, embeeekk, uwek wek wek ” kadya ngrungokake gladhen orkestra.
Pak tani dalah kulawargane menyang pawon gegenen sinambi ambakar jagung.
Ngangeti badan katisen hawa udan.
Klayan ndedonga “Dhuh Gusti keparenga pinaringan enggal tingkas jawahipun, sampun
ngantos andadosaken bena ing sabin-sabin kawula inggih ugi para kadang
tani sanesipun”.
JM , rolas maret rongewu patbelas
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar