Tuhu Prihatin

**TUHU PRIHATIN**
Anyipati kanthi prasaja kahanane nagari iki
Kadya susuh kebak duratmaka
Solahnya saru anggegilani lan anggegirisi
Pranyata nuwuh kasangsarane pra kawula

Mbokya eling janji yen ta nora anyenyugih dhiri
Kadya wus dadi budaya korupsi ing nagari iki
Angrayah kaskaya nagari gawe pituna wong alit
Nora asih mring sesami, tan maelu kawula samya sesambat anjejerit
Iba tuhu prihatin andulu kahanan iki
Hamung bisa ngelus dhadha
Dhuh Gusti mugya paring pangarsibudi satrya tuhu tresnasih mring kawula alit
Tan mikir dhiri pribadhi nyingkur saking duratmaka
Temah agawe makmur lan guyub rukun nagari
Anggayuh sedya nagari kang gemah ripah loh jinawi

karipta : eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN