TEKNIK-TEKNIK DHASAR NGAYUH SEPEDHAH GUNUNG


Nyumurupi kepriye carane kita ngayuh pit (ngonthel padayantra) bisa ambiyantu kanggo nanggulangi kita supaya ora tiba saka olehe numpak pit. Ing ngisor iki ana saperangan pratelan dhasar kang panjenengan prelu ngawuningani.
1. Tansaha anggatekake ana ing jalur. Iku tegese kita kudu bisa nemtokake jalur endi kang arep dipilih. Yen kita ragu/monga-mangu umpamane kuwatir ana srimpet/alangan ing dalan sing arep diambah bisa luput anggone nemtokake langkah. Kahanan iki asring kedadeyan ing dalan njojrog mudhun, yen kita ragu lan monga-mangu bisa-bisa kita tiba utawa kepleset.
2. Tansaha mikirake loro nganti telung langkah mangarep. Aja kesuwen mung nggatekake sak alangan bae, nanging tansaha waspada mring langkah-langkah sabanjure.
3. Aja mbuntut kecedhaken banget karo pit sing ana ngarepe persis. Pracaya apa ora ban mburi utawa gegere pangonthel pit ngarep kita persis bisa njalari kaya-kaya kita kapilut hipnotis, kita hamung anggatekake/fokus mring pangonthel pit mau. Bisa-bisa kita nabrak watu utawa jeglongan sing wus bisa dielaki dening pangonthel pit ngarep mau. Jaga jarak lan tansah ana sisih kiwa utawa tengen sethithik aja persis sagaris lempeng karo pit ngarepan mau.
4. Enggal-enggala mindhahake presneleng ing gear sing luwih endhek/entheng nalika kita arep ngliwati dalan sing ora kanyana awujud pasir, banyu utawa blethokan. Owahi lenggahe awak rada memburi kanthi cara kadikaya sendhenan. Aja narik rim kuwat-kuwat kang bisa anjalari kita kelangan kaimbangan badan. Aja gugup sabisa-bisa tetep ngonthel pedhal senajan ban krasa selip supaya bisa ambiyantu ban ngarep pit kita tetep bisa ngliwati dalan sing nyemek utawa lunyu mau kanthi jaga kaimbangan badan kita.
5. Udhunke sadhel kita nalika arep liwat jojrogan jero. Kanthi sadhel kang endhek kita bisa dhuweni wektu lan luwih terampil ngadhepi alangan sing dadakan. Semono uga iya luwih gampang kita ngambyuke awak menyang bageyan buri pit tinimbang kejlungup mengarep saumpama nganti kita ora bisa ngwasani kahanan.
6. Aja nyengkerem setang pit kuwat-kuwat. Iki bisa anjalari perangan duwur badan kita tegang lan bisa anggawe cepet kesel. Nggenggema kanthi kalem/relak ananging aja kekendhon.
7. Aja ndelehake jempol ing duwur gujengan setang. Iki bisa andadekake gampange ucul genggeman kita nalika ujug-ujug ana kadadeyan sing ora kanyana.
8. Sikut rada ditekuk sithik lan pundhak relak bae aja mbungkuk. Iki bisa ambiyantu kita nyuda getering badan utawa pit sing kita alami nalika liwat ing sadalan-dalan.
Saperangan dhasar carane migunakake rim sepeda gunung
1. Nalikane narik gagang rim sabisa-bisa paling ora migunakake rong driji. Telung driji liyane kanggo jaga kakuwatan genggeman nalika ngerim.
2. Rim ngarep duwe daya pangereman sing luwih kuwat. Nanging kudu waspada ati-ati anggone ngerim ora kok banjur ngerim ngarep kuwat-kuwat iku bisa njalari rodha ngarep ngunci andadekake kita kejlungup mangarep. Aja migunakake rim ngarep nalika ngliwati dalan mudhun cendhak lan sing ora njojrog banget, uga ing enggokan kanthi rikat banget saha ing dalan kang akeh krikilane.
3. Carane sing apik lan bener migunakake rim ngarep kanthi ngingsut abote badan rada memburi nalika narik gagang rim ngarep kanggo jaga supaya kita ora kebanting mengarep.
4. Rim buri ora patiya nguwatirake. Yen rim rodha buri ngunci paling-paling mung selip bae ora kaya yen rim rodha ngarep sing ngunci. Uga mung njalari ban buri dadi kembangane cepet alus kegerus lemah/aspal.
5. Migunakake rim ngarep lan buri kanthi selaras/imbang mujudake cara sing paling aman nalika ngendhegake pit.
6. Nalika ngliwati udunan dalan sing dawa, aja ngerim terus-terusan kala-kala dieculake gentenan ngarep lan buri amarga kampas rim bisa panas lan nyuda dayane ngendhegake pit.
7. Ing kahanan kang teles/lembab rim jepit kurang pakem katandhing rem cakram
8. Penting! Aja ngerim sadurunge ana alangan, malah yen bisa genjot luwih cepet kanggo ngliwati dalan mau, mesthine bae kahanan mau yen ndeder banget utawa njojrog banget prayogane pit dituntun bae.
9. Tansaha mriksa kampas/bantalan rim pit kita rikala nyawisake lan tata-tata anggone kita arep ngepit, sangu cadhangan lan piranti pit liyane mujudake pangati-ati kang luwih prayoga mesthine ora lali uga sangu wedang lan cemilan ….
Sugeng gowezzzz,,,,,,,, !!!


kaserat malih : eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN