RAHARJA lan BUNGAH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1M5sQZXHoE/
Tembung raharja/rahayu lan arsaya/bungah/seneng asring nggadahi teges jumbuh tumraping antawisipun kita.
Kalih tembung punika samidene nggadhahi wujud semu ing raos-pangraosing manah.
Ananging ing kekalih, sejatosipun wonten bedanipun kang gumathok.
Raharja/rahayu dumunungipun sanes ing bagean raos nanging wonten ing salebeting manah ingkang minangka sumber pikir/nalar manungsa.
Dene arsaya/bungah/seneng mujudaken punapa kang namung saking kang punraosaken.
Kadospundi werdinipun?...
Raharja tansah kairing raos tentrem rahayu kebak suka-rena.
Dene arsaya/bungah namung kairing raos suka, raos marem kemawon.
Bagya mulya utawi raos karaharjan (raharja) limrahipun kairing saking raos puji sokur ing salebeting manah saged anampi punapa kang pungadhahi utawi punapa kang boten pungadhahi, punapa kang pungayuh utawi kang dereng pungayuh, sadaya wau dipun sokuri klawan tulusing manah.
Dene arsaya/bungah, kairing saking salebeting raos suka jalaran punapa kang ginayuh saged winujud, punapa kang pungadhahi sampun sarwa kasembadan pepenginanipun.
Wosipun suraos makaten,
Karahajan nggadhahi sipat ingkang kukuh boten gampil ewah jalaran wonten salebeting nala/manah tansah muji sokur.
Kaarsayan /kabungahan nggadahi sipat ingkang kirang/boten kukuh gampil ewah gingsir punapa kang punraosaken.
Raharja dumunungipun wonten ing lebeting nala manungsa ingkang celak kaliyan Sang Khalik Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Dene arsaya/bungah dumunungipun namung wonten salebeting raos-pangraosing manungsa kang celak kaliyan kabetahanipun dhiri piyambak.
Kepengin raharja/bagya-mulya?
Sumangga nyelak lan marek dhumateng Gusti sayogya ing manah kanthi tulus atur kebak raosing muji sokur temahan katentreman kang badhe sarwa pinanggih.
Mugya Gusti amberkahi...
Aa_aamin A__aamin đđ
~ pajar sidik, 011026 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar