MALING DANA BENCANA, KORBAN MERANA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18cMQqefkB/

Irah-irahan ndhuwur ing basa Indonesia nelake lamun ardana, dhuwit kanggo ngragati bencana (reribed rusaking tlatah panguripaning manungsa: banjir bandhang, lemah longsor, kabongan alas, lsp lsp) lha kok dirayah, dirampok. Kang lagi kondhang  samengko iki kobongan (kabesmen) wana wasa kang gawe rusaking alam ngrampas bandha sumber panguripan, omah, kebon malah kurban jiwa para sukarelawan. Ing kahanan iku temtu enggal mbutuhake pitulungan, uluran tangan lan guyub rukun gotong royong. 


Nanging, mendah nea nyerikake ing satengahing reribet kasedhihan, kasangsaran para kurban (kurban merana, bs.Ind), eee... lha kok nimbul bencana anyar yaiku tega-tegane nylewengake dana bencana sing kudune kanggo bantuan dirampok dening maling nganggo dhasi sing dipasrahi mandhegani mimpin kanggo ngatasi lan nyegah bencana kerusakan. Huhh, manungsa kang ora duwe ati! kaya mangkono kudu mlebu bui lan diganjar ukuman saabot-abote!


Eling, he para maling dana! (koruptor),  saben rupiah bantuan, ana jeritan kulawarga sing kelangan omah, anak-anak kelangan panggonan sekolah, wong tuwa bingung golek mangan kanggo nguripi kulawargane lan kurban liyane sing ora sethithik.


Nalika dana bencana diunthetake, dikorupsi, sing dicolong ora mung saderma dhuwit bae. Sing dirampas mujudake hak kurban kanggo njenggelek (bangkit) saka kasangsaran, hak kanggo oleh panguripan kang pantes lan pangarep-arepan nata panguripan ing tembene kang mlangkah ngayahi darmaning ngaurip.


Iba ngenes mrihatinake nalika masarakat gotong royong aweh bantuan klawan eklas, eee... malah ana pehak sing tega migunake kahanan iku kanggo anyenyugih dhiri  ~bakal mikul dosa kang gedhe~


Bencana alam bokmenawa ora bisa, ora gampang ditanggulangi, ananging bencana kamanungsan merga kesrakahaning manungsa kudune bisa dicegah... huu huu 😭☝️

Mula mangkono, pratikele nggulawenthah dana bencana  kudu bener-bener tinarbuka pangawasane sacara temenan lan jujur bisa mikul abot tanggung jawabe. Sapa bae kang kabukten kudu diukum ora kena diejarake dienggokake bab kawigaten liyane (pengalihan kasus lain, bs.Ind)


Aja nganti tangan kang kudune ngulungake pitulungan malah dadi tangan kang ngrampas hak-e para kurban.

Eling : dana bencana iku amanah kamanungsan! dudu wadhah kasrakahan!

Tumraping para kurban, kelangan akibat bencana wus banget gawe sangsara lan nyerikake (merana, bs.Ind), aja ditambah pengkiyanatan lan nyidrani sing nyerikake!


~ sandya kala, 231026 ~

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^]  [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU