CAKAL-BAKAL KORUPSI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19TBudPmCD/

Yen ana pitakonan...

"Apa gawean sing angel dhewe tumraping tehnisi komputer/laptop?"

Mbokmenawa akeh sing mangsuli 'mbenake laptop sing mati babar pisan (mati total).' 


Kamangka miturut si tehnisi... sing angel dhewe malah nalika kudu milih antarane dhuwit utawa kejujuran.


Piye iku nalare?

Kira-kira telung minggu kepungkur...

Sawijine bapak seragam korpri (ASN) teka nggawa laptop kantore.


Rusake lumayan banget abot yaiku, sawuse dipriksa, prelu ngganti saperangan bagean piranti jeron laptop (sperpat) lan kudu digarap (serpis) klawan tliti.


Rong jam sabanjure...

Laptop bali urip meneh lumrah kaya adate.


Bapak iku katon marem,

"Sokur Alhamdulillah, sidane bisa dianggo maneh."

Si tehnisi melu seneng, banjur ngetung wragade kabeh,

"Sedaya Rp450 ewu, Pak."


Panjenengane (si Bapak) enggal ngetokake dhuwit atusan ewu 5 cacahe, ora nganggo nganyang barang, malah ujar, "Mas susuke kersane mawon."

Wah mesthine si tehnisi kaget uga.


Dheweke mikir, rejeki dina iki gawe mareme langganan lan gawean bisa rampung.

Ananging, jebule kleru! ☝️


Nalika arep nulis nota bayar...

Bapak iku nyedhaki.

"Mas...,"

"Nggih, Pak?" wangsulane.

Celathune si Bapak, "Tulung Mas ditulis Rp950 ewu ya."✍️


Si tehnisi mandheg olehe nulis.

"Nuwun sewu, Pak?" ⁉️


"Iya, Mas... tetep tak bayar Rp450 ewu, susuke mau tak tinggal, iki tak imbuhi seket ewu meneh."


Si tehnisi iku langsung mandeng si Bapak iku, karo polatan bingung.đŸ«Ą

Sajroning ati tehnisi iku takon, "Yen aku nampik, piye yen Bapak iku nepsu?"

"Piye yen ora gelem dadi lagganan meneh?"

"Nanging yen dakturuti, tegese aku nulis apa sing ora kaya kanyatane?"

Perang batin sing mbulet dadi pikiran si tehnisi iku. Dheweke bener-bener bingung.đŸ«Ą


Si Bapak iku sajake ngerti yen si tehnisi iku rangu, "Kalem wae Mas."đŸ€—

"Kabeh ya ngono iku, ora bakal ana masalah."đŸ« 


Ing kene, bujuke iblis kuwat! đŸ„ž

Tembung sing kaucap si Bapak iku mbengung ing sirahe.


Embuh piye genahe...

Dina iku si tehnisi laptop iku ora jenjem pikirane, nyambut gawe dadi ora ener katon gugup.


Dheweke banjur neruske nulis alon-alon ing nota, eee.... lha kok kleru-kleru bae nganti nyuwek rong lembar, nadyan sidane nulis angka Rp950.000.


Bapak iku mesem, "Maturnuwun, Mas. Bisa kanggo langganan maneh," nuli lunga ninggalake ngono wae. đŸš¶‍♂️‍➡️


Sawetara, tehnisi iku... isih lungguh ndomblong nyawang salinan nota mau nganti si Bapak iku ilang saka pandulune.


"Aneh... aku nampa dhuwit serpis malah entuk imbuhan barang..., ning kenapa ya... dina iki rasane ora seneng?" ngono batin atine si tehnisi laptop iku.

Sing marakake ora jenjem nang ati owah-owahan angka ing salinan nota iku.


Sadalan-dalan mulih... si tehnisi terus mbulet takon mring awake dhewe.

"Yen sawijining dina ana sing nakokke nota kuwi... apa iya aku siap lan wani tanggung jawab, piye jal aku kudu nanggung akibate?"

"Iba ora tentrem atiku sawuse nyarujuki apa sing sabenere yen aku ngerti iku luput." osike tehnisi.


Kadhang godha sing dialami tehnisi dudu seka laptop sing rusak. 

Ananging, saka penjaluke para lengganan sing katone keprungu sepele.

"Mas, tulung tulis nota sing luwih gedhe ya!"


Kocapa kang bisa kacathet...✍️

Luwih gampang ndandani laptop rusak tinimbang mbenakake rasa salah kang terus bae dadi momok merga kita nemtokake kang salah!


Ringkesing tuladha,

Ing donyane dedagangan (bisnis), kenakalan nggadhung (curang) kaya mangkono kok rasane wus jamak. Iku mung conto kelas cilik-cilikan. Ing proyek-proyek gedhe wus dudu wewadi umum. 

Ya, kaya ngene iki cakal-bakal dumadine tindak ngrayah bandhane negara (korupsi) wus ngoyod, ing babagan 'medis' kaaran wus 'penyakit kronis' angel diusadani.... heemmm kita kabeh wus paham ora bisa denselaki. 😙☺️đŸ€‘


~ pajar sidik, 31726 ~

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-