SAMÅNGSÅ ING LAYAR KÅCÅ SINÊMPYÕK TÊTÊMBUNGAN MIRING

   kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1DBSYN75iX/

Rikålå ombyaking têtêmbungan miring lumintir ing layar

dhèwèke jêjêg pidêkså dadi panyaring kang sabar.

Wartå miring gumanti sumêbar

nanging dhèwèke tan sêmbrånå ngêlêg nora ambyar.


​Nalikå driji liyå nyêbar tudhingan ngundhat-undhat

dhêwêke milih kandhêg tumungkul nggagas lan naliti.

Tumraping dhèwèke, kasunyatan iku diyan ing palimêngan

kang ora kênå mblêrêt dening sêmpyõking håwå-nêpsu sakålå.


​Dhèwèke uningå, ånå ombak sinêdyå gawe gêndrå lan crah

mulå dhèwèke pilih têntrêm, ora kagèndèng ing kanêpsõn.

Sabên wartå mlêbu panglimbang måwå nalar lan akal sehat

mêsthèkake ora ånå wiså sumêbar ing jroning nålå.


​Dhèwèke têtêp sarèh ing satêngahe rat-måyå

ngrêkså ati supåyå têtêp wêning

twin têtêp sêtyå mring kawicaksanan kang ånå

dõh såkå pandugå ålå lan culikå.


~ lingsir wêngi, 10726 ~

         ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

         [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-