MESIN CUCI YASANE BAPAK - pengalaman nyata jaman cilikanku -

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18zGP63rzz/

Aku bener-bener kelingan kahanan omah kulawarga jaman cilikanku kira-kira taun 1960-1970an. Omah prasaja pekarangan amba ana wit pelem ing ngarepan, swara petok-petoke pitik lan kluruke jago saut-sautan sarta ocehane manuk ing wayah esuk gawe regeng.


Dina Minggu mujudake dina sing iwed banget, ora marga ana tamu, nanging marga... dina umbah-umbah sandhangan.


Nalika semana durung ana sing arane mesin cuci listrik kaya saiki. Nanging babakku pancen remenane othak-athik yasa gawean anyar (kreatip). Saka tilas drum, panjenengane nyulap dadi perkakas nggiling sandhangan aliyas mesin cuci. Tengahe drum dipasangi wesi minangka pusering, pucuke diwangun menggok kaya aksara L wujud engkol kanggo muter. Drum dipapanake ing jagrag kayu sing kuwat. Tumrapku nalika semana isih cilik, alat iku katon kadya mesin ajaib, mbokmenawa cikal-bakal mesin cuci listrik.


"Ibu... rasukane apa wis dileboke?", maturku semangat banget.

Ibu mesem sinambi marut sabun kothak (durung ana sing jenenge detergen). Parutan sabun putih ketadhahan ing waskom cilik, nuli dicampurke nang njero drum sing wis isi banyu lan sandhangan.

"Nah... saiki giliranmu ngrewangi Bapak ya!", mengkono dhawuh ngendikane Ibu.


Aku enggal ngadeg ing cedhake drum, tanganku nggenggem engkol mesin.

"Mutere alon-alon wae... mengkone disusul rada rikat, ora usah ngaya!", ngendikane Bapak karo mesem.

"Krek... krek... krek...", banyu ing njerone keprungu, "gubrak... gubruk... byur... byur...". Sandhangan padhadene kocak-kacik campur banyu sabun sing sajake wis wiwit mumpluk.


Aku tambah semangat muter engkole.

Bapak gumujeng karo ngendika, "Wah.., aja kekencengen olehmu muter, mengko awakmu dadi kesel lho!"

Bener! lengenku wiwit krasa pegel. Aku kandheg karo ngusap kringet.


Bapak nggenteni aku muter engkole klawan ajeg. Kanggone bocah cilik, jebul ora gampang ya kaya sing dak gambarake, hehehe idhep-idhep olahraga dina Minggu. 😝đŸ’Ș

Sawise sawetara menit, drum dibuka, ganda sabun sumedhot kaambu.

Sandhangan diangkat, dibilas mawa banyu resik nuli dipepe disampirke ing sampiran kawat utawa gawangan pring. Alon kasempyok angin katon goyang-goyang kena soroting srengenge, sandhangan enggal garing.


Wektu iku aku krasa marem lan bombong dudu kok merga sandhangan resik, nanging jalaran aku rumangsa wis bisa urun ngrewangi gaweane Bapak Ibuku

Saiki, puluhan taun wis kliwat. Mesin cuci jaman maju mung prelu nutul tombol, disambi gawean liya ngreti-ngreti wis beres mrantasi. Nanging ewasamono, swara "krek.. krek... krek..." seka engkol yasane Bapak isih keprungu cetha ing kupingku đŸ˜†đŸ« 


Saben aku nyawang mesin cuci listrik saiki iki, aku tansah kelingan sawijining bab :

Jebul mesin cuci sepisanan sing dakangen-angeni dudu gawean pabrik, nanging ya mesin asil yasane Bapak.

Iya kaya mangkono nyata-nyata pengalaman sing dakalami dhewe dadi pangangen-angen ora bisa kalalekake. ✍️đŸ€


~ purwakaning wulan, 02726 ~

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Jarwane basa ing Indonesia,

     MESIN CUCI BUATAN BAPAK

~ pengalaman nyata dimasa kecil ~

Aku masih ingat betul suasana rumah kami pada sekitar tahun 1960-1970an. Rumah sederhana dengan halaman tanah yang luas, pohon mangga di sudut halaman, dan suara ayam yang sesekali berkokok bersahutan dengan kicau burung di pagi hari.


Hari Minggu adalah hari yang paling sibuk. Bukan karena ada tamu, melainkan karena... hari mencuci pakaian.


Di masa itu belum ada mesin cuci listrik seperti sekarang. Namun bapakku memang terkenal kreatif. Dari sebuah drum bekas berbentuk silinder, beliau membuat alat pencuci pakaian. Drum itu dipasang pada rangka kayu yang kokoh. Di tengahnya ada poros besi, dan di salah satu ujungnya dipasang engkol untuk diputar dengan tangan. (bisa dilihat gambar terlampir)

Bagiku yang masih kecil, alat itu tampak seperti mesin ajaib, barangkali merupakan cikal-bakal mesin cuci listrik modern.


"Ibu... bajunya sudah dimasukkan?" tanyaku penuh semangat.

Ibu tersenyum sambil menyerut sabun batangan. Serpihan sabun putih jatuh ke baskom kecil, lalu dicampurkan ke dalam drum yang sudah berisi air dan pakaian.

"Nah... sekarang giliran kamu membantu Bapak."


Aku langsung berdiri di samping drum. Tanganku menggenggam engkol besi yang dingin.

"Putarnya pelan dulu... nanti baru agak cepat," kata Bapak sambil tersenyum.

Krek... krek... krek...

Drum mulai berputar.

Air di dalamnya terdengar bergemuruh.

Gubrak... gubruk... byur... byur...

Pakaian saling berguling di dalam drum, bercampur air sabun yang mulai berbusa.


Aku semakin bersemangat. Putaran engkol makin cepat.

Bapak tertawa.

"Wah... jangan terlalu kencang. Nanti kamu sendiri yang capek."

Tak lama kemudian lenganku mulai pegal.

Aku berhenti sambil mengusap keringat.


Bapak menggantikanku memutar engkol dengan gerakan yang tenang dan teratur. Ternyata tidak semudah yang kubayangkan.

Setelah beberapa menit, drum dibuka.

Aroma sabun menyeruak keluar.

Pakaian diangkat, dibilas dengan air bersih, lalu dijemur berjajar di halaman. Tertiup angin pagi, kain-kain itu menari perlahan di bawah sinar matahari.


Saat itu aku merasa bangga.

Bukan karena bajunya bersih.

Tetapi karena aku merasa telah ikut membantu pekerjaan Bapak dan Ibu.

Kini, puluhan tahun telah berlalu.

Mesin cuci modern hanya perlu menekan satu tombol.

Namun suara "krek... krek... krek..." dari engkol buatan Bapak masih terdengar jelas di telingaku.


Dan setiap kali melihat mesin cuci masa kini, aku selalu teringat satu hal...

Ternyata mesin cuci pertama yang paling berkesan dalam hidupku bukanlah buatan pabrik, melainkan hasil karya tangan Bapakku sendiri.

Itulah pengalaman nyata yang aku alami menjadi kenang-kenangan tak terlupakan.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG