COMPANG-CAMPING PANÊTÊPAN UKUM ING NÊGRI KINASIH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BkSTiRfoj/
Ing nêgri kang kitå sêbut ibu pêrtiwi
kaadilan isih dadi pandongå kinucap lirih
ing jroning rindhung-riwud kamar sidhang.
Traju ukum ngadêg pidėkså
nanging kålåmångså kråså goyang.
Dudu mêrgå wêsine krõpõs
nanging mêrgå tangan manungså
ora tansah têguh ngugêmi osiking nålå.
Kang kalêbu gõlõngan cilik
asring lumayu ngoyak kaadilan.
Dene kang roså lan kwåså
kadhangkålå sakêpenake mlangkah luwih ènthèng.
Rakyat hamung biså pitakõn,
"Apå iyå ukum isih dadi pangayõm sanggyaning umat?"
Lêmbaran paugêran endah sinawang
bab twin pasal rinakit sarwå bêcik.
Nanging ing marganing urip
aksårå dalah ukårå kålå-kålå kelangan makna ora têgês,
nalikå kapêntingan luwih ngumandhang katandhing kayêktèn.
He..... nêgri kang daktrêsnani
aku ora nyêngiti ukum.
Malah aku ngeman lan nrêsnani
mêrgå ukum kang adil
minångkå dhêdhasaring såkå kang nyånggå lêstarine bångså.
Mugyå dinå iku tumêkå
nalikå hakim nuthukake palu
dudu mêrgå dhêsêkan
dudu mêrgå kêkuwatan
dudu mêrgå kakuwasaan,
ananging mung jalaran råså kaadilan lan kayêktèn.
Sabab nêgri iki datan kêkurangan wõng pintêr
kang kabutuhake mung ati kang jujur,
patrap suranggåkårå kang têguh
lan osiking nålå kang nora biså didõl-tinuku.
Kasêdyå, ing têmbe anak putu ujar:
"Ing nêgri iki, ukum bênêr-bênêr dadi pangayõm,
dudu amung tulisan,
nanging mujudake pêpajar sabên warganing rakyat."
Sumånggå, kita sêngkuyung
lumakuning panêtêpan ukum bênêr-bênêr gawe tentrêm,
nora mung minångkå ngimpi
nanging bênêr-bênêr kasunyatan
winujude pangarêp-arêping sanggyaning wargâ nêgri tumujwèng Indonesia Êmas kang kitå trêsnani iki.
~ lingsir wêngi, 22726 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar