HAKIM LUWIH MILIH NGRUNGOKAKE SwARA JRONING PANGRASANING NALA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DHse59pC3/

Kamar sidhang dikebaki para pamigati kaadilan ukum. Prakara kang digelar dadi kawigatene wong akeh jalaran ana gandhenge karo prakaran juragan sugih lan tukang becak mlarat.


Keprungu bisik-bisik, "Ah..., mesthi sing sugih sing bakal menang."


Hakim (sabanjure ing kene sinebut Yang Mulya) lumebu ing kamar cengkirang (kw.sidhang) lan miwiti mimpin lumakune sidhang klawan sareh.


Sawuse ngrungokake kabeh katerangan, hakim aba-aba supaya maju marang pehak kang lagi prakaran. 


SI Juragan, "Yang Mulya, kula gadhah seksi, bukti lan adpokat paling hebat."


Tukang becak mung tumungkul,

"Kula namung gadhah setunggal, Yang Mulya."

"Apa iku?" takone hakim.

"Kejujuran!", wangsulane tukang becak.

Kamar sidhang sanalika sidhem tanpa sabawa.


Hakim bali niti mriksa kabeh bukti. Dheweke nemokake ana sawetara cathetan sing njarag kareka-yasa kanggo nyemoni lan mblawurake bukti.


Hakim banjur celathu, 

"Hukum ora kena manut lan kalah marang dhuwit, kalenggahan utawa kekuwatan apa bae. Yen nganti aku netepake pepancasan prakara merga wedi utawa kena pangrimuk, iku tegese aku wus ngukum pangrasanig atiku sing jero dhewe."


Kabeh wong ing kamar sidhang padha nyawang hakim klawan banget ing kawigaten.

Wusanane, hakim nuthuk palu: "Minangka alesan kaadilan linandhesan ukum lan swaraning ati, gugatan pengusaha ditampik/ditolak. Hak tukang becak dipulihake lan dibebasake saka kabeh pandakwanan."


Juragan mung blangkemen meneng bae ora bisa kumecap.


Ing njaba kamar sidhang, sawijine kuli-warta (wartawan) pitakon,

"Yang Mulia, apa panjenengan ora kuwatir marang anceman saka wong-wong kang duwe pangaruh lan panguwasa?"


Hakim mesem, "Aku luwih kuwatir mulih ngomah njur ora kuwat lan ora saguh nyawang praupane bojo, anak-anak lan awakku dhewe ing ngarep kaca pangilon."


Dene tumrape mahasiswa hukum sing krungu wangsulan iku nuli nyathet ing buku cathetane: 

"Hakim sing gedhe prabawane dudu hakim kang diwedeni/dieringi, nanging hakim kang wani ngugemi kaadilan nadyan kudu nandhingi kapentingan sing kuwat."


Kawit dina iku uga, akeh wong kang ngeling-eling pepancasan kasebut dudu merga sapa sing menang utawa kalah, ananging merga isih ana hakim sing luwih nengenake swaraning jeron ati minangka panuntun marang pangadegane kaadilan.


~ gagat bangun, 08726 ~

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^] [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG