NYUMEREPI JAMUR

  kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1ByFcNDJJU/

Para kadang saha pamaos kang dhahat kinasih, mbokbilih kita sampun samya pirsa, keparenga kula atur sawetawis cathetan bab jamur.

Kagem nyumerepi lan tambahing seserepan kawruh bab jamur, ing ngriki badhe kita watesi lan golongaken kalih werni inggih menika:

   A. jamur saged (aman) puntedha, lan

   B. jamur ngandhut racun (wisa)


A. Jamur saged (aman) puntedha

Antawisipun :

Jamur Tiram (Pleurotus ostreatus)

  Klebet gampil dipun tandur lan rimat. Lembut, cocok puntumis utawi sop.


Jamur Kancing (Agaricus bisporus)

  Sampun mratah punsade ing supermarket.

Saged puntedha mentahan utawi punolah.


Jamur Shiitake

  Asalipun saking Asia Wetan.

Gadhahi ganda mligi lan asring kangge masakan Jepang lan China.


Jamur Enoki (Flammulina velutipes)

  Gagangipun panjang lencir, cocok kangge masakan sop, shabu-shabu lan dipun godhog/kukus.


Jamur Kuping (Auricularia auricula):

  Warnanipun soklat semu cemeng, raos kenyal lan renyah, wujudipun kados kuping.


Jamur Merang (Volvariella volvacea)

  Ing Indonesia kathah puntanem ing merang/jerami

Asring dipun olah tumis lan capcai.


B. Jamur kang ngandhut racun


Death Cap (Amanita phalloides)

  Salah satunggaling jamur kang gampil sanget damel oncating jiwa (pejah). 

Saged ugi ndadosaken gagal ati.


Destroying Angel (Amanita virosa lan sajinisipun)

  Warnanipun pethak, racunipun ugi ambebayani.


Fly Agaric (Amanita muscaria)

  Jamur mawi topi abrit titik-titik pethak kang ngandhut racun ngrisak jaringan sarap.


Galerina marginata

  Gampil sanget thukul ing kajeng gapuk, ngandhut racun sami kaliyan Death Cap ingkang nguwatosi racunipun.


False Morel (Gyromitra)

  Wujudipun sairip uteg manungsa, ngandhut racun kang ngrisak ati lan jaringan sarap.


Kadospundi caranipun nyingkuri karacunan jamur?

Angupados ampun methik jamur-jamur thukul jarah (liar) kaangge puntedha menawi mboten estu-estu trampil, wasis bab jamur.

Ampun gampil pitados mitos, "yen bisa dipangan bekicot/siput tegese aman", utawi kosok wangsulipun, "jamur yen dimasak owah warnane ateges ngandhut racun". Boten saged mitos kasebat kaangge patokan.


Kagem pangatos-atos, prayogi mundhut jamur ingkang sampun kathah lan umum punsade ing peken lan pun olah dening masarakat umum.

Makaten mbokbilih seratan sapala ingkang saged kula aturaken nadyan awit kathahipun jinis (spesies) jamur. Mugi migunani kagem seserepan tambahing kawruh lan pangatos-atos dhahar masakan jamur.

Salam rahayu. đŸ€đŸ‘


~ mapag enjing, 20726 ~

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^] [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-