PANGUPAYA JUANG MURID SEKOLAH NYABRANG KALI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14e3cNRJn7V/
Lamun ngauningani warta-warta kang sumebar bab pangupaya juang para murid budhal lan mulih sekolah ing dusun-dusun plosok, banget mrihatinake lan miris ing ngatase negeri +62 iki wis mardika ngancik 81 warsa tumuju Indonesia Emas.
Saperangan crita nyata kang bisa diaturake ing tulisan ngisor iki yaiku :
1. Nyabrang kali numpak baskom plastik iku dipitontonake dening sawijining pideo nggambarake nalika ana bocah sekolah ing Kalimantan Kidul. Kedadean iku merga ora ana kreteg utawa perahu. Sawetara murid sekolah SMP katon numpak waskom plastik gedhe ngayunake tangan kosong kaya nglangi kareben bisa nyabrang kali saprelu bisa tekan Sekolah. https://radarpalu.jawapos.com/amp/nasional/2604230012/viral-dua-anak-sekolah-seberangi-sungai-pakai-baskom
2. Rombongan bocah sekolah kepeksa kudu toh nyawa mrih bisa melu 'Pembelajaran Tatap Muka'.
Ing Kabupaten Luwu, Sulawesi Kidul, bocah-bocah budhal sekolah kepeksa nyabrangi kali kanthi ngewot kreteg rusak digawe saka tali tambang mawa tatakan pidakan saka papan.
Kreteg iku saiki rusak kang maune kanggo sarana nyebrang warga telung desa ing Kecamatan Suli, Kabupaten Luwu. Rusak ketrajang banjir taun 2020, papan pidakan katut ketrajang banjir kari tali tambang sing isih keri. Ya tali iki sing kanggo ngewot wira wirine bocah-bocah sekolah uga warga-warga telung desa ing kono.
sumber, https://m.kumparan.com/kumparannews/kisah-pelajar-di-sulsel-bertaruh-nyawa-meniti-jembatan-tali-demi-sekolah-1wVWCEGY6YA/2
3. Para murid SDN Pogor ing wilayah Kecamatan Simpenan, Kabupaten Sukabumi pendhak dina kepeksa nglangi nyabrangi kali Cikaso jalaran kreteg gantunge rusak banget. Murid-murid sekolah kudu mbuntel plastik seragam lan piranti sekolahe ben ora teles.
https://news.detik.com/berita/d-7178481/kisah-anak-anak-sukabumi-berenang-seberangi-sungai-tiap-hari-demi-sekolah
Tulisan iki kapacak kanthi pangajap muga pamarentah bisa enggal ndandani kreteg-kreteg sing padha rusak lan wus ora pantes meneh kanggo sarana kang banget dibutuhake minangka panyengkuyung kamajuan pawiyatan tumuju Indonesia Emas.
~ lingsir wengi, 09826 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]



Komentar
Posting Komentar