MUKIDI MANGAN BAKMI GORENG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GsjXpVHoX/

Esuk-esuk Mukidi mampir warunge bu Sri, njur pesen sepiring bakmi goreng.


"Bu, bakmine goreng setunggal nggih... sing sepesial!:"


Ora let suwe bakmine wis teka. Mukidi langsung telap-telep sajak kuluwen ora mangan seminggu... heheheee đŸ€Ș


Ing sawetara wektu, ujug-ujug dheweke ngundang bakule.

"Bu, niki bakmine kok kirang?"


Bakule warung gugup bingung,

"Sing kurang napane, Pak? Kurang endhoge? Kurang ayame? napa kurang bumbune?"


Mukidi mung gedheg, 

"Sanes!... ,  Kurang kathah! Nembe limang menit pun telas!" đŸ€Ș

Bakule ngguyu sambi celathu,

"Yen niku sanes bakmine sing kurang, Pak!... ning wetenge sing kegedhen!" đŸ« 


Kabeh wong sing padha jajan nuli padha nyekakak ngguyu, dene Mukidi cengar-cengir karo ujar, 

"Nggih mpun, Bu... imbuh setunggal melih. Ning niki sing Super Spesial nggih, kersane sing kurang wau dadi wareg! Idhep-idhep ora gelem kalah karo programe bapak Presiden."


"Napa niku Pak?", bakule takone.

"Niku lho..., program unggulan MBG aliyas Mangan Bakmi Goreng (Gratis) 😜đŸ€Ș


Wong sa'warung padha ger-geran meneh. "Hahaha... đŸ€ȘđŸ€Ș"

"Warunge napa mpun didaptarke dadi agen SPPG aliyas  Sampeyan Padha Pethakilan Guyu kabeh?"..... "Huhuuhuuuuu...đŸ€ȘđŸ€Ș😜" sa'warung rame kaya lagi padha nggelar 'dhemonstrasi'.....đŸ•ș🏃

Mukidi Mukidi... saben-saben gawe ulah ae...! đŸ« đŸ€š


~ esuk-esuk, 01826

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-