ÅJÅ KÊKLUMPUK BÅNDHÅ DONYÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1EqQubZeAs/
Åjå kêklumpuk båndhå donyå kang ora langgêng
rêngêt angrusak, dahånå ambêsmi dadi arêng.
Klumpuknå båndhå kaswargan kang datan sêmu
ing kono bandhamu, ing kono atimu.
Akèh kang kuwatir urip ing mångså mêngkone
nuli kêklumpuk båndhå kasugihan.
Wusana, luwih nggumantungake kasugihane
tan sumendhe mring Gusti Pangèran.
Sapa kêklumpuk akèh datan kêcukupan
kang kêklumpuk sêthithik ugå datan kêkurangan.
Manuk ing langit, palêm kurmå ing årå-årå
têtêp rinêkså Gusti salaminyå.
~ bangun esuk, 21826 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar