NGGAGAS-NGGAGAS NGAYAWARA đđ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DRMM67Bxt/
Saben uwong mesthi duweni kekurangan klebu kang kapiji minangka panguwasa, pamong praja ya pandhegane bebadan pamarentahan saka kang jumeneng pepucuking negara tumeka ing kaprajan ngisoran ing dhaerah.
Ewadene, ing samengko iki sawijine pemimpin durung nduweni cukup kapitayan, kawasisan lan kasantosan kanggo netepake kaadilan. Prayogane kahanan iku prelu panyengkuyung kabeh lapisaning masarakat kang preduli marang ukum lan kaadilan.
Pancen dadi panguwasa kang bisa ditresnani rakyat iku ora gampang kadhang nduweni kekurangan ndadekake ora bisa milih lan nemtokake endi sing bener. Kadhang mung ngoyak apa kang umum disenengi pehak tertamtu senadyan iku ora bener tetep bae diterak, mulane wusanane melu katut barisan Oprasi Tangkep Tangan (OTT)... ya tumindak kang ora bener rame-rame kang kondang sinebut "korupsi berjemaah"... heemm cap koruptor đč sajak ora mempan đ€Șđ«Ą
Banget mrihatinake kahanan iku, negara bener-bener kaancem 'masalah serius' lelara kronis ngono kira-kira bisa kaaranan. Kadya ngene iki mbutuhake banget-banget kawigaten yen kasedyan negara bisa maju, makmur tentrem raharja. Ora bisa kasepelekake, kabeh lapisan warga negara kudu cancut taliwanda bebarengan kanggo mulyaning negara. đ€đ€đ«¶đ«łđ«Ž
Omon-omon ora ana juntrunge đ€Ł
~đ« bengi-bengi ngayawara đ~ 13826
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar