ELING LAN WASPADA

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1Ai5uwAAeX/

Elingå, såkå ing ngêndi sangkan paran kitå.

Elingå, lakumu iki bakal tumuju mênyang ing titik pungkasaning urip.


Lan waspådå, supåyå ora kagèndèng-gèndèng, kêsèrèt-sèrèt dening kasrakahan, kanêpsõn, kasõmbõngan (gumunggung) lan pêpenginan kang ora ånå kawusanane (rasane kurang bae utåwå nggrangsang ora ånå êntèk-êntèkane).


Patrap karumangsan (råså pangråså) kadyå mangkono iku kang ngêndhalèni manungså wasis olah råså,

> têtêp lêmbah manah samångså nggayuh kamisuwuran... ora kumalungkung, ora umuk sêsongaran nindhês sasåmå.

> têtêp lan tansah nduwèni råså sokur (bersyukur) samångså sarwå kacukupan... ngênggõni råså muji sokur mring Gusti Kang Murbå Wiseså.

> têtêp kuwat samångså kelangan... ora kêdåwå-dåwå anggõne nandhang duhkitå awit isih kudu mbacutake darmaning ngaurip iki.


Salam têntrêm rahayu sagung dumadi

Gusti ambêrkahi... 

Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


  sorogan atur :

Katur sanggyaning para dwija, para winasis tuwin para pujangga saha para sutresna babagan sastra Jawi ingkang sanget kinurmatan. 

Keparenga nyuwun pangaksama bilih racikan ukara kula nyuraosi tembung 'Eling lan Waspada' boten trep lan boten titis kalihan seratan-seratan ingkang kababar wontening seratan para luhur inggih para sepuh ing kasusastran Jawi. 

Kula kang taksih nyantrik punika nuwun sewu kumawantun ngandharaken racikan lan rakitan kang kathah gothang lan ceweting tembung ing inggahan ngriki. Pramila keparenga panjenengan kanthi legawaning penggalih ngwengakaken margining samodra pangapunten.👏🙏


Kauningana, bilih seratan punika jalaran kapiadreng awit saking prihatosipun kadadosan-kadadosan wekdal samangke kang sanget asring lan kathahipun para padheganing praja, para panguwaos negari, para pamong lan pangadeging ukum boten namung ing negari +62 kemawon, ananging ugi dumados ing salumahing bumi, panindhesan mring sesami, kamitegan nyures pagesanganipun sasami, payudan kang anggegirisi kapireng ing pundi-pundi panggenan kang nerak paugeraning Gusti Allah Kang Kagungan Gesang.

Nuwun, nuwun lan matur nuwun... 👏🫰


~ lingsir dalu, 06826

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-