URIP MULYA ANA ING PAMENGKUNE GUSTI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17hm2ZpUNX/
Manungsa (sawijining pawongan) kang maune ora ana apa-apane, dudu sapa-sapa (ora kajen, ora kanggep) apa iku ing kulawargane, ing pasrawungan tangga teparone, ana kalamangsane piniji lan malah kaangkat duwe jeneng kondhang/misuwur.
Pangakon lan piniji kasebut bisa dumadi temtu ora kok ujug-ujug tiba saka langit ngono bae, ananging iku ana jalarane.
Sawijining pawongan bisa nampa pangakon lan piniji duwe jeneng kinajenan lan misuwur jalaran merga;
Sepisan, jroning pasrawungan ing tengahing masarakat, solah bawane ngatonake bebuden luhur, kebak sopan-santun, tansah tetulung marang tangga teparone lan sapa bae kang mbutuhake. Sipat lembah manah ora tau gawe serike wong liya iku dadi solah pedinane lan dadi cirene kang kaecap ing pundhake.
Kapindho, iya awit saka kersane Gusti Allah.
Kang maune uripe diremehake, dikuya-kuya ananging yen Gusti Allah Kang Maha Agung ngersakake dadi wong gedhe misuwur, nadyan ta kaya ngapaa bae donya ora nganggep uwong kasebut, uwong iku bakal gedhe misuwur urip ana ing kamulyaning pamengkune Gusti.
Mula prayogane dadi manungsa umate Gusti Kang Kagungan Gesang iki tansah ngugemi lan netepi paugeran tatanan urip bebrayan ing pasrawungan sapepadha saturut kaya kang wus dikarsakake Gusti yaiku "Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe." (Mat 12:31)
Salam tentrem rahayu kang tinemu.
Bagas saras kang linaras.
Gusti amberkahi... Aa_aamin A__aamin đđ
~ bangun esuk, 23826 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar