KEBAK PRIHATIN

Saben pendhak byar tansah keprungu pawarta kang ora becik.
Negara kadya ana paperangan memungsuhan antaraning bangsane dhewe.
Banget mrihatinake ....
Kapan bangsaku iki bisa rukun ambangun praja?...

Udreg-udregan, regejegan, nyebar warta kang bisa gawe miris ya nyebar winih sesengitan antarane golongan siji lan sijine. Kabeh mau pikolehe apa... ora ana liya amung gawe kisruhing swasana urip bebrayan ing tengahing masarakat.

Apa maneh wekasan iki para duratmaka tumindak wengis kamitegan natoni luwih-luwih nganti tekan patine sapepadha.... oh kok ya nggegirisi kahanan iku.

Kang kasuwun...
dhuh Gusti pinaringana para kadang kawula sami pikantuk pangaksama awit saking tumindak mblasar.
Mugi Gusti sinung karukunan tumraping bangsa Indonesia.... tinebihaken saking bebendu Paduka....
Rinaketaken pasedherekan nunggil bangsa.... ajen-ingajenan, kebak raosing sih-sinihan...., ageng pangapuntenipun kadosdene Paduka sinung pangapunten dhateng kawula temahan saged tumujweng masarakat gotong royong adil makmur.

Ayo para sadulur padha gegandhengan ambesmi kadurakan ing negari iki kang kita tresnani.

JM, lingsir sore, 250517
            eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN