PANYERATAN ÉJAAN & SWANTEN BASA

Anglajengaken babagan basa jawi ing warsa 2018 punika kepareng kula ngambali malih atur seratan ingkang sampun naté kula pacak ing kaca FB "Pojok Basa Jawa" 4 Feb 2017 https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1840839299528532&id=1684548218490975
lan ugi
 23 Feb 2016 bab panyeratipun éjaan lan swanten basa.  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1685970831682047&id

Panyeratan éjaan & swanten basa ing basa jawi kathah ingkang bingungaken. Wonten sawetawis priyantun jawi (jawi tengah tlatah Sala & Yogya) menawi nyerat swanten "å" sinerat mawa aksara "o" contonipun sendhika nyeratipun sendhiko, bisa sinerat biso, upama sinerat upomo.

Sadaya kala wau pangucapipun samidéné leresipun nganggé swanten "å".
Déné tiyang jawi tlatah kilèn pangucapipun kados punapa ingkang kaserat, contonipun panyeratan "apa bisa" pangucapipun tetep nganggé swanten "a" utawi "A" kaimbuhan swanten êk (ngapak2) , "ana baé" pangucapipun tetep mawi swanten "a" + êk (ing bs.jawi maosipun 'ana waé').

Ananging anèhipun panyeratan asma tetiyang lan kitha ing Jawi Tengah racakipun sami sinerat kados swantenipun nganggé aksara "o", conto Sukarto, Suharto...mbokmenawi yèn sinerat Sukarta, Suharta sami lan mèmper nami ing Pasundhan. Purwokerto, Purwodadi kaserat supados boten klèntu Purwakarta & Purwadadi.

Nyumanggakaken para senior lan paramèng basa kadospundi punika, saèstu kula kagugah nalika mlampah saking Banjarnegara, Purwokerto dumugi Pejagan mireng cecaturan radio lokal lan RRI Purwokerto...
Déné manawi wonten kirangipun tuwin galap gangsulipun atur wontêna sihipun para kawogan paring pangaksama saha pamrayogi kadospundi murih leresipun.

JM, lingsir dalu, 040117

         nuwun èNPé

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN