PILIHAN WICAKSANA

(kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1863130060632789&id=1684548218490975 )

Hajatane bangsa kang ngêntèkake wragad kang ora sethitik yaiku sing karan Pilkada yaiku Pilihan Kepala Daerah. Sabên-sabên nyetèl TV anane mung ngrêmbug kahanan politik ya para ahli, para pamêrhati, para sekuthone paslon sing gaweane pancèn ngomong ngothak-athik ombyaking politik.

Racake ngrêmbug paslon sing lagi padha mèlu tandhing, wêrna-wêrna kae pêprincène anggone mbiji yèn si A ngene ... si B ngene ... lsp. Kabèh mau ora ana liya kanggo nyebar kawruh mbujuki para kawula ya calon pamilih supaya bisa kepencut nyoblos paslon sing diagul-agulake. Malah salah sijine para sekuthone paslon ana sing nyêbar pitênah nyêrang paslon liyane.

Ohh... iku tumindak sing ora wicak... eling yen para kawula duwe penemu lan biji dhewe-dhewe tumrap para paslon mau, rakyat sangsaya wicak anggone aweh biji kanggo dhasaring olehe nemtokake pilihane kanthi wicaksana kang kabukten ing dina coblosan.

Wong wicaksana kuwi wibawane luwih gedhe tinimbang karo wong rosa. Pancèn mengkono, kawruh kuwi luwih wigati tinimbang kekuwatan. Bener dene paslon sing ngagul-agulake kakuwatan (kasugihan) tansah "pede" gegedhen rasa kaprecayane nora eling lamun kabeh mau nora ana paedahe. Rumangsa tedhak-turune ningrat, tedhak-turune wong sing nate kondhang, artis lan liya-liyane nanging nora duwe kawicaksanan anggone tumindak, lha kabeh rakyat ya para kawula alit sing bisa mbiji endi sing pantes dadi pandhegane praja kang bisa dadi pangareping mimpin praja lan bangsa.
Kabukten dene 'program' utawa rancangan tumindak sing arep diayahi ing mengkone iku sing dadi dhasaring para kawula nemtokake pilihane kanthi wicaksana.

Sing kita arep-arep iba endahe yen ta para tokoh, ahli politik kang ngaku warga negara nomer siji nyawiji ing kasedyan bebarengan anyengkuyung 'program' pandhegane praja kang pinilih kanggo kamajuwane negari lan karahayone kawula alit temah bisa mawujud negara kang makmur gemah ripah loh jinawi.
...
JM, sirep-jalma, 16217
     - dening eNPe -

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN