ORA BISA ANDUM APA KANG ORA KITA DUWENI
-unggahan balen-
"Guru kenging punapa nggih kathah tiyang ingkang damelanipun pendhak dinten namung ngawon-awon tiyang sanes mawi tetembungan kasar lan nylekit pedhes??"...
"Kenging punapa kula boten nate mireng sepisana kemawon ngalem tiyang sanes, sinaosa ketingalipun ngalem nanging wusananipun nyemoni/nyindir lan nylekit damel serik..?"
Kanthi alus sang guru wicak ngendika...
"Ngene ya nak, yen sliramu amung duwe gula sing bisa kok wenehake mring wong liya rak ya gula kang legi...."
"Mangkono uga lamun sliramu amung duwene sambel kang bisa kok wenehake marang wong liya rak ya amung sambel kang pedhes...."
"Mulane lamun ana wong kang tansah ngomong nylekit lan pedhes marang wong liya, bokmenawa pancen duwene ya amung kaya ngono...!!! lan ora ana liyane maneh sing bisa dheweke wenehake marang wong liya.."
"Lha sing dadi pitakonan, SLIRAMU SAIKI DUWENE APA KANG BISA KOK ANDUM LAN WENEHAKE MARANG WONG LIYA..??
Tetembungan ALUS NGEMU ALEM apa kang NYLEKIT/PEDHES..??"
"Sejatine sliramu ORA BISA ANDUM utawa menehi apa kang ORA KOK DUWENI jroning dhiri lan pikiranmu..."
Kenya iku njur sidhem sawetara...... lan ngresepake jroning batin apa kang nembe dirungu saka ngendikane sang Guru....
ÊLIDING TULADHA mangkene :
Ayo kita reresik ing ATI lan PIKIR kita saka rasa IREN, SENGIT, DRENGKI lan SRAKAH.
Kabeh mau bakal mili lan lumaku tanpa rasa KEPEKSA lan MAEKANI.
Ayo kita lakoni kanthi sabar lan eklas..!
APA KANG KITA SEBAR IKU KANG BAKAL KITA PANEN.
"Urip jroning rasa muntap kebak kanepson lan rasa drengki nyengiti marang liyan.... iku kabeh malah gawe lara kang ngluwihi tinimbang wong kang kita sengiti..!!"
"Ngalahake dhiri pribadi sejatine luwih becik tinimbang ngalahake wong liya..!"
JM, madya raina, 290417
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar