ALAM KALANGGENGAN


Nalika kita dungkap tekane ajal, nora ana sing prelu dikuwatirake, masiya wancine jantung mandheg.

Apa sabanjure kang kedadean :
1. para kadang arep ngetokake kita saka omah kita
2. para kadang bakal ngupakara jasad kita
2. sawernane bandha kasugihan kita bakal pindhah tangan.

Pracayaa!!
- dene donya nora sedhih awit saka mengker kita saka ing ngalam donya!
- sabarang kang wus ana bakal mlaku kaya adad saben nora ana sing owah awit saka mengker kita!
- pagawean kita bakal ana sing nyulihi!

Sing sepisanan ilang saka kita yaiku "jeneng kita".
Nalika kita tilar donya wong-wong padha pitakon : "Nang ngendi layone?"  ora kok nyebut jeneng kita.
Jeneng kita ya mung dadi 'kenangan' /pangeling-eling.
Uga nalika para kadang dongakake kita ing dalem pangibadah padha ujar :" Gawa rene layone!" nora nyebut jeneng kita. Iba rikate jeneng kita ilang!

Tuladhane mangkene :
- aja keblinger awit saka kamulyan lan kasugihan kita
- aja keblinger awit saka panguwasa kita
Kabeh mau sipate sawetara hamung titipane Gusti Allah.
- iba ta sepelene apa kang kita anggep misuwur ing ngalam donya iki wusanane bakal tumekaning leren salawase.

Rasa sedhih lan bela sungkawa awit saka mengkering kita bisa kita cathet :
1. para kadang ngucap :" mesakake!"
2. para kadang sedhih sipate sawetara, suwening suwe kalalekake.

Ya kaya mangkono dalaning urip kita ing ngalam donya, dadi 'ALBUM KENANGAN'. Sabanjure wiwit mlebu ing alam kalanggengan.

Sabanjure kang dadi pitakonan :
*Apa kang wus kita cawisake kanggo ing dina pungkasan kita???* iki kang prelu dipikirake!!!

- titi-priksa kautaman ing pangibadah
- titi-priksa tumindak ala lan blasar kang ora nurut mring pangandika lan dhawuhe Gusti.

Payo padha mratobata, mareka lan sumuyuda ing pangayunane Gusti, tumindaka kanthi tulusing ati miturut kersane Gusti Allah, udinen sejatining kayekten kanggo sangu ing alam kelanggengan.
Gusti mirsani jroning ati kita!

Muga kita kadunungan urip lan kamulyan kalanggengan.
Aminn!

JM, parak esuk, 11317
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN