KORUPSI OHH... KORUPSI
Yagene ta para panggedhene bangsa
padha wringuten lan gatelen?
Saliring angen-angennya
tansah tanpa guna
gawe bubrahing tatanan bebrayaning nagara.
Anane amung anyenyugih dhiri
nora maelu kamakmuraning bangsa
Tumindak kang nora pinuji
nampa besel amrih nglairake katrangan palsu.
Ing ngatase pandheganing praja
kang kudune jujur ngudi resiking praja
Malah gawe kapitunaning bangsa
aweh besel mring kang ngayahi darmaning nagara.
Korupsi oh.. korupsi!
kapan NKRI iki bisa oncat saka kaanan iki?
Apa ya kang dadi sesorahing bangsa bisa mawujud?
Masarakat adil makmur tentrem raharja?
cathetan : "korupsi" anggambarake bab anyenyugih dhiri kanthi ngunthetake brananing praja/bangsa.
JM, lingsir sore, 290517
rinakit dening eNPe

Komentar
Posting Komentar