NGUDI MULYANING NKRI
Méndah néya ta yèn pra abdining praja samya nggegilut guyub ing karya kanggo mulyaning nagari ya NKRI kang jaré kita tresnani.
Aywa padha regejegan sikut-sikutan rebut kursi pangwasa.
Padha élinga hé pra abdiné praja sadarum nyawijia binarung samya anyengkuyung kasembadan kang wus sinedya. Anadéné samudaya kang wus rinancang amrih bisoa kagayuh kanggo karahayoning kawula nagari ya adil lan makmur kang dadi sedyaning kasarujukan, padha sinengkuyunga.
Payo! dohna saka ing tumindak ala!, serik lan mèri ing liyan, laku goroh, drengki nora bisa nyumurupi kabagyaning sapepadha! Gawé pitenah iku ya gawé kapitunan mring liyan.
Coba ta digagas lamun kita bisa nyingkuri sipat lan tumindak ala mau lha ya bisa kapesthèn déné ngudi kamulyaning NKRI bakal winujud kanthi becik.
JM, 131216
èNPé
Komentar
Posting Komentar