ANAMBUT KARDI & SINENGKUYUNG BEBARENGAN


Urip ing ngalam donya iki masiya sepira gedhene kakuwatan kang kita duweni nora bakal bisa ngrampungake dhewe bot-repote kang nembe kita sandhang.

Iya lamun kita bisa ngrangkul panyengkuyunge pra kadang, sepira gedhe lan abote kang nembe kita adhepi bakal bisa rinampungake kanthi entheng, kaya mangkono iku kang kaaranan gotong royong.

Sajroning kita anambut kardi bebarengan endahneya yen ta apa kang kita ayahi sinengkuyung rame-rame bebarengan nora padha regejegan sikut-sikutan rebut menange dhewe.

Samono uga jroning urip bebrayan nagara nora ana pikolehe yen salire pra warga ya pra pandheganing praja samya padha udreg-udregan rebut kwasa tumindak kang nerak pranatan & wewalering praja kang wus tinulis ing kitab undhang-undhang.

Payo para kadang padha gegandhengan bebarengan anambut kardi kanggo mulyaning nagara ya kanggo kamakmurane bangsa samya anyengkuyung bebarengan rancangan ambangun praja murih bisaa enggal winujud pangudi luhuring nagara kang kaesthi.

JM, madya raina, 10318
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN