Piwelinge Ki Lurah SEMAR BADRANAYA
(kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1950191415259986&id=1684548218490975 )
Copas :
*KI LURAH SEMAR BADRANAYA*
Paring piweling .
Laaee, Laee, Laee, Laee. Mbegegeg ugeg ugeg sak dulita hemel hemel.
Tholeeee ........ Gareng Petruk lan Bagooong.
Rungokna tholeeeee tak meling nyang kowe kabeh .......
Bukaken kupingmu ......
Tatanen atimu .........
Weningna pikirmu ........
Ngrasakkeee urip ing *jaman edan* kaya saiki iki, kowe kabeh kuduuuuu ngati-ati. Kuduuuu eling lan waspada.
Jalaran akeh macan kekudhung kulit wedhus. Singa kekudhung lulang sapi,
bajul kekudhung lulang kebo.
Ana maliiiiing nganggo klambine polisi.
Ana garoooong macak memper kyai.
Ana genthooo gayane sesinglon santri.
Ana rampooook omongane niru rama lan pendhita.
Ngalor ngiduuul sing dikempit kitab suci.
Ngalor ngiduul sing dikojahake prekara agama.
Laeee, Laee Laee Laeee .......
Jubulane akeh ngulama adol agama.
Akeh pandhitaaa adol donga.
Akeh pejabaat adol pangkat.
Akeh hakim adol hukum.
Akeh jeksa adol prekara.
Para dwijaa adol ijasah.
Akeeeeeh wong adol ayat, adol pasal, adol tandha tangan.
Akeeeh wong sing ethok2 dadi wakile rakyat .....
jebule ........ ya mung sregep nggrogoti dhuwite rakyat.
Akeeeeh sing ngaku-aku ngayomi kawula,
jebuleee ........ ya mung karem ngrampok bandhane rakyat.
Laee Laee Laee Laee .........
Yen pejabate bejat
Yen ngulamane culika
Yen pandhitane duraka.
Yen polisine ngapusi
Yen serdhadhune mlayu
Yen satriya wis dadi durjana.
Manuk gagaaak nyilih klambine kuntul.
Manuk beluuuuk nyilih swarane perkutut.
Ora wuruuuung rakyat kepragat dadi korban.
*Banjuuuur sapaaa sing ngayomi, sapaaa sing mbelani, sapaaa sing dituladhani ........*
Rakyaaat di adu kaya pitik. Dikeplok'i disurak'i.
Laeeee, .............. nyawane semuuuut, luwih aji tinimbang nyawane rakyat.
Laee Laee Laee Laee .......
Poma di poma Tholee .......
Amenangi jaman edan
Yen ora ngedaaaan jarene ora keduman.
Nangiiiiing ...... Beja-bejane kang lali ...... isih luwih begja yen koweeee tetep *eling lan waspada.* Elingaaaa lamun swarga lan neraka iku *nyata*
Swarga lan neraka iku dudu bab kang *ngayawara, nanging mesthi anane.* Kaya dhawuhe Gusti ing kitab-kitab suci.
đđđđđ
Komentar
Posting Komentar