SUCI ING JANJI

Jalma jaler-estri saeka-prapti
tekadnya abangun bale griya
Muji panuwun mring Gusti
rahayu kang kasuwun salaminya

Mendah nea rahayu tyang semahan
klayan nunggil tresnanya mring Gusti
Runtang-runtung denira sih-sinihan
klayan saeka-praya lan budi

Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng
mring idi Tuwan sarwi memuji
Ing satitah nrimah klayan pitajeng
saha tresna dumugi suci ing janji

JM, madyaning ratri, 121217
    rinonce dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN