NAMBAL BOLONGAN
Nalika lagi ngecet dheweke nemoni dene ing badane prau ana sing bolong arepa mung cilik bolonge. Banjur tukang cet iku nambal bolongan mau kanthi permati.
Rampung olehe ngecet tukang cet mau sawuse nampa bayarane nuli pamit mulih.
Sawetara wektu sing duwe prau nemoni si tukang cet karo menehake salembar Cek kang gedhe ajine.
Si tukang cet kaget lan celathu :"Panjenengan rak sampun maringi bayaran kula ta pak?"
"Nanging iki dudu bayaran anggonmu ngecet bae nanging sliramu uga wus nambal bolongan ing badan prau", wangsulane sing duwe prau.
"Lho punika rak namung pedamelan alit pak, panjenengan boten prelu maringi kathah kados makaten namung kangge padamelan alit", ujare si tukang cet.
"Mbokmenawa awakmu durung ngerti ya, ngene dak kandhani ya. Nalika aku njaluk tulung awakmu ngecet prauku, aku lali kandha yen ing badan prau ana sing bolong. Bareng cete wus garing anak2ku njur padha mancing numpak prau iku.
Anak-anakku ora ana sing ngreti yen praune ana sing bolong kamangka nalika samono aku pinuju ora ana ing omah, sanalika aku kuwatir yen prau iku bisa bocor gawe bilai tenan".
"Puji Gusti..., nalika nyumurupi anak-anakku mulih padha slamet kabeh! Aku nyumurupi uga jebulane sliramu wus nambal bolongan ing badan prau mau.
Iya kaya mangkono sliramu wus nylametake anak-anakku. Apa kang kok tindakake dudu kok cilik maneh nanging sliramu wus nylametake nyawane wong liya. Jujur bae aku ora bisa bales kabecikanmu, iki dhuwit sing bisa dak wenehake sliramu ora sepiroa tampanana..!", mangkono juragan prau olehe paring wangsulan.
Eliding crita :
Bacutna anggonmu mitulungi, ngenthengake bot repote liyan, udinen tumindak kabecikan kanthi ndandani bolongan kang kok temokake!.
Sliramu ora bakal ngreti kapan tumindak kabecikanmu bisa migunani tumrap wong liya!
Sejatine kang bisa pinesthekake yaiku bakal bisa gawe piguna..!!
Rikala kita ngudi gawe cahyaning mring wong liya cahya iku bakal madhangi uga dalan kita..!
JM, ndungkap magrib, 110618
rinakit dening eNPe
Kapendhet lan kajarwaaken saking inggahan kintunanipun kadang ing WA grup taun 2018
Komentar
Posting Komentar