PADHA DIANDHAP-ASOR

Ana pitutur : “Aja ngungkuli apa kang tinulis,” supaya ing antaraning kita aja nganti ana kang kumalungkung kanthi ngegungake kang siji ngremehake sijine.

Urip bebrayan ing tengahing masarakat iku jembar kaanane, kebak wewatak antarane siji lan sijine ya wewatak kang ana sing ambek siya ning uga ana kang kebak sih katresnan, ana kang ambek luhur ana uga kang judhes, ana kang ambek sura ana uga kang jirih, ana kang ambek darma ana uga kang sakarepe dhewe.

Awit sapa ta kang nganggep kita iku kinacek lan linuwih? Lan apa ta kang kita darbeni kang nora saka anggon kita tampa? Dene yen marga saka anggon kita tampa, yagene kita kok kumalungkung, kaya-kaya nora saka anggon kita tinampeni?
Saka endi kabeh kang kita darbeni yen nora ana sing maringi? Ya kabeh kang kita tampa iku pinangkane amung saka Gusti Kang Murbeng Wisesa ya kang akarya jagad saisine.

Ing ngarsane Pangeran kabeh umatNya padha dene dhuwur lan endheke nora ana bedane!

Ana pasemon mangkene :
Aku kang nenandur, sliramu kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.
Anadene kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijine bakal padha nampani pituwase dhewe-dhewe, laras karo ayahane.
Mulane kang wigati iku dudu kang nenandur utawa kang nyirami, ananging Gusti Allah kang nuwuhake iku kasunyatan kang sejati.

Eliding tuladha :
Awewatak andhap-asor(ora gumedhe) ing antaraning umat manungsa iku bakal dadekake kukuh tumraping karukunan urip bebrayan bangsa anuju mulyaning negara tentrem raharja gemah ripah loh jinawi.

JM, parak esuk, 080517
   rinacik dening eNPe
linandhesan : 1Kor 3 : 6-8, 1Kor 4 : 6,7

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN