DONGA IMAN PRACAYA

Akèh wong duwé pangaggep yèn dedonga iku gampang, hamung kari ngomong. Éwa samono supaya bisa mengertèni lan nyelarasaké karo kersané Gusti Allah iku sejatiné angèl. Amarga kapentingan pribadhi biasané ngemen-ngemenaké apa kang dadi pepénginané.

Sajroning dedonga kang baku iku dikanthèni keyakinan/iman klawan nyadhong pangapura kanthi lembah manah, tanpa kaya mangkono Gusti nora bakal mirengaké donga kita. Pandongané wong mursid, kang kaunjukaké kalawan kayakinan iku gedhé banget dayané.

Rikala Indonesia ketaman kekisruhan  ékonomi, pamomong sawijining panti asuhan ing Jawa Kulon dedonga klawan kebak keyakinan nyenyuwun déné supaya kabutuhan mangan bocah-bocah panti bisoa kacukupan.
Sarampungé dedonga dumadakan ana sing nothok lawang omahé lan ana pawongan mènèhi pirang-pirang karung beras lan bahan lelawuhan liyané kanggo kapreluané bocah-bocah panti asuhan.

Gusti Pangèran Kang Maha Kawasa paring garansi déné donga kang tulus diklawan kayakinan kebak ing kapracayan bakal kinabulaké.
Donga uga kaunjukaké ing ngarsané Gusti adhedhasar ngakoni déné yèn tanpa sih palimirmané Gusti nora bakal kita bisa mrantasi samubarang prakara kang kita adhepi.

Dadi dongané wong mursid diklawan kebak ing iman pracaya duwèni daya kekuwatan gedhé.
Bab baku uga ing donga yaiku sinau awèh pangapura mring liyan kang wus nglarani ati mring kita. Krana mangkono kita uga duweni gegayuhan diparingana pangapura déning Gusti Allah. Kang dadi dhasaring utama yaiku krana lembah manah.

JM, sandé kala, 6318
    déning eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN