RAHARJA & SENENG

Tembung raharja/rahayu lan arsaya/bungah/seneng sering duweni teges jumbuh dening saperangan kita.

Rong tembung iku padha dene duweni wujud semu ing rasa lan pangrasa.
Nanging saklorone ana bedane sing baku. Apa kuwi?

Raharja dumununge dudu ing bagean rasa nanging dununge ana ing jroning ati iki minangka sumber pikiring nalar manungsa.

Dene Arsaya/Seneng mujudake apa kang luwih saka sing dirasakake.

Ya mangkono iku....

Raharja tansah kairing rasa tentrem rahayu kebak suka-rena.
Dene arsaya/seneng hamung kairing rasa suka bae.

Bagya mulya utawa rasa karaharjan biasane kairing saka puji sokur, jroning ati bisa nampa apa kang diduweni utawa apa kang ora diduweni, apa kang digayuh utawa apa kang durung/ora digayuh kabeh mau disokuri kanthi tulusing ati.

Dene arsaya/seneng, kairing saka ing jroning rasa suka amarga apa kang ginayuh bisa mawujud, apa kang diduweni marga sarwa katurutan pepenginane.

Ringkese kaya mangkene,

Karaharjan duweni sipat kang kukuh ora gampang owah amarga ana ing jroning ati.

Karsayan / kasenengan duweni sipat kang kurang / ora kukuh gampang owah gingsir amarga ana ing apa sing dirasakake.

Raharja dumununge ana ing jroning ati manungsa kang cedhak karo Sang Khalik Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Seneng dumununge hamung ana ing jroning rasa pangrasaning manungsa kang cedhak karo kapentingan dhiri pribadi.

Pengin Raharja / Bagya-mulya? Nyedhak lan mareka mring Gustimu ati diowahi kebak rasa sokur temahan katentreman kang sarwa pinanggih.

Pengin Seneng? Nyedhaka marang kapentingan dhiri lan pepenginanmu. Gayuhen apa kang kok senengi wusana kasenenganmu bisa kasedya.

Sumangga!

JM, parak esuk, 15318
    dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN